DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Pawon Sing Ora Tau Mati
Wit ringin kembar sing ambruk kuwi gedene koyo omah. Oyote sing mau nggandeng koyo tangan wong pacaran, saiki pedot. Lemah sekitar ambles sedengkul.
Neng tengah-tengah oyot sing pedot, metu banyu bening. Banyune mili cilik, nuju desa. Banyu sing 100 tahun ora metu mergo ketutup janji.
Mbah Kromo ndengkul, njupuk banyu kuwi nganggo tangan, diusapke neng raine. Nangis.
"Banyune bali, Le... Desa urip meneh..."
Warga sing teko gowo obor do bengong. Pak RT gendong Joko sing isih nangis.
Laras isih ngrangkul Danan kenceng. Cap kembang kantil neng tengkuke wes ilang total, tinggal bekas putih tipis koyo parut.
"Kang, kowe eling aku to?" Laras takon, wedi.
Danan ngelus sirahe Laras. "Eling, Nduk. Eling kabeh. Eling kowe ngilang mergo golek jamur, eling Ibu dadi wit, eling 12 tahunku neng perantauan. Kabeh bali, Nduk, mergo lumbung kobong."
Cahyo ngadek neng pinggir wit ringin ambruk, nyekel kendi ne dewe sing mau pecah neng lumbung. Neng njero kendi pecah mau, ono kertas cilik.
Cahyo mbukak kertas kuwi. Tulisan e: SULASTRI - IBU CAHYO - 1980-2016 - NENG OMAH
"Ibuku neng omah?" Cahyo kaget. Mlayu.
Danan arep ngikuti, tapi ditahan Mbah Kromo.
"Danan, Le, kowe kudu bali neng omah gedhek ijo disek. Pawonmu."
"Pawonku kenapa, Mbah?"
Mbah Kromo nyawang korek kayu abadi sing genine isih murup cilik neng tangan Danan.
"Geni abadi kuwi dudu geni biasa, Le. Kui geni soko njobo alas. Geni sing digowo Mbah buyutmu, Ki Ageng Tengah Alas, pas babat alas gawe desa 100 tahun lalu."
Mbah Kromo ngajak Danan, Laras, mlaku bali neng desa. Neng dalan, Mbah Kromo cerita.
"Ki Ageng Tengah Alas kuwi dudu wong biasa. Dia murid e Sunan Kalijaga. Teko Mataram, disuruh babat alas neng kene. Alas iki mau ne angker, ora ono wong wani mlebu. Ki Ageng gawe janji karo sing nunggu alas, ben desane subur. Tapi Ki Ageng pinter. Dheweke gawe jebakan."
"Jebakan piye, Mbah?"
"Ki Ageng gawe omah gedhek ijo. Neng pawon omah kuwi, dheweke nyumet geni nganggo kayu soko Masjid Demak. Kayu saka masjid. Geni kuwi ora tau mati. Nek geni kuwi mati, berarti deso iki wes lali karo Gusti. Nek geni kuwi murup, alas ora wani mlebu deso."
Danan eling pawon neng omah e. Pawon sing mau murup dewe pas dia bali.
"100 tahun geni kuwi murup, Le. Diopeni turun-temurun keluarga Ki Ageng. Keluarga kowe, Danan. Kowe keturunan Ki Ageng. Makane kowe iso nyekel korek abadi, wong liyo ora iso. Mergo getihmu."
Tekan omah gedhek ijo, pawon e emang murup. Geni neng tungku pawon abang gede, padahal ora ono kayu.
Laras takon, "Mbah, terus kenapa Ibuku dadi wit neng sumur?"
Mbah Kromo lungguh neng bale pawon.
"Ibukmu, Sarmi, kuwi putu wedok Ki Ageng sing paling resik atine. Pas deso mulai lali janji, pas bocah-bocah mulai ilang saben 10 tahun, Ibukmu coba mateni geni pawon. Mergo dia pikir, nek geni mati, janji pedot. Tapi keliru. Nek geni mati, alas malah bebas mlebu deso. Alas langsung narik Ibukmu neng sumur, dadi tumbal pengganti geni."
Danan ndengkul neng ngarep pawon. Nyawang geni abang sing mubeng-mubeng.
"Berarti tugasku saiki ngopeni pawon iki, Mbah?"
Mbah Kromo manthuk. "Iyo, Le. Kowe sing terakhir. Nek kowe minggat meneh koyo 12 tahun lalu, geni mati, janji anyar bakal muncul. Alas ora tau turu suwe, Le. Paling suwe 10 tahun."
Neng njobo omah, warga do ngumpul. Gowo ember banyu soko wit ringin sing ambruk mau. Banyune bening, seger. Sawah-sawah sing mau garing, saiki banyune mili meneh.
Pak RT ngomong banter, "Warga! Banyu bali! Desa urip meneh!"
Warga sorak.
Neng tengah sorak warga, Cahyo teko mlayu, ambekane ngos-ngosan, nangis, nggandeng wong wedok tuwo.
Wong wedok tuwo, rambut putih, nggowo tas kresek isine kangkung.
"Ibu... Ibu bali..." Cahyo nangis sesenggukan.
Wong wedok tuwo kuwi nyawang Cahyo, bingung. "Kowe sopo, Le?"
Cahyo ndengkul, nyekel sikile ibune. "Aku Cahyo, Bu! Cahyo! Anakmu! Eling ora?"
Ibune Cahyo, Sulastri, meneng suwe. Terus eling. "Cahyo? Cahyo sing ilang pas golek kayu 10 tahun lalu? Ya Allah, Cahyo!"
Ibu lan anak ngrangkulan neng tengah latar. Warga do nangis ndelok.
Danan nyawang kejadian kuwi, atine anget.
Laras nyenggol Danan. "Kang, terus Ibu awake dewe piye?"
Danan nyawang sumur mburi omah sing saiki banyune bening, ora ireng meneh. Neng pinggir sumur, wit kantil cilik sing mau tuwuh soko kelopak kembang Ibu, saiki wes duwur sedengkul. Godong e ijo, kembang e siji putih mekar.
Danan nyedak sumur, njupuk kembang kantil putih kuwi.
Begitu kembang dipetik, soko njero sumur metu asap putih tipis. Asap e mubeng, malih dadi wujud.
Wujud Ibu, Sarmi. Ayu, rambut diikat, daster batik coklat. Mesem.
Ibu ngelus sirahe Danan lan Laras.
"Danan... Laras... Ibu kudu lungo, Le. Tugase Ibu wes rampung. Pawon wes murup meneh. Sumur wes resik. Desa wes bebas."
Laras nangis, "Ibu ojo lungo, Bu..."
Ibu mesem. "Ibu ora lungo adoh, Nduk. Ibu neng kene, neng wit kantil iki. Nek kowe kangen, ambung kembang e. Ibu krungu."
Ibu nyawang Danan. "Dan, ojo minggat meneh yo, Le. Openi pawon. Ojo nganti mati. Kui warisanmu."
Danan manthuk, nangis. "Inggih, Bu."
Wujud Ibu malih dadi asap putih, mlebu neng wit kantil cilik mau. Wit kantil mau langsung mekar kembang e akeh, putih-putih, mambu wangi sak desa.
Mbah Kromo ngadek, nyawang pawon sing genine tambah gede.
"Pawon Sing Ora Tau Mati... wes urip meneh."
Neng pawon, geni abang mau mumbul duwur, madangi langit-langit. Neng tengah-tengah geni, ketok bayangan Ki Ageng Tengah Alas, wong tuwo jenggot putih, nggowo tongkat, manthuk neng Danan, mesem.
Bayangan Ki Ageng ilang.
Geni bali cilik, anteng, anget.
Neng njobo, adzan Maghrib keprungu. Adzan pertama setelah 10 tahun desa ora tau adzan mergo mushola ke tutup kabut.
Warga do mlayu neng mushola.
Danan, Laras, Cahyo, Mbah Kromo, lungguh neng bale pawon. Ngepung geni abadi.
Neng tangan Danan, korek kayu abadi mau mati dewe. Mergo tugase wes rampung. Genine wes bali neng pawon induk.
Laras nyandak bahu Danan. "Kang, sesuk kita resik-resik omah yo?"
Danan mesem. Mesem pertama sing tenanan setelah 12 tahun minggat.
"Iyo, Nduk. Sesuk kita resik-resik. Kita urip neng kene meneh."
Neng sumur mburi, wit kantil cilik goyang-goyang kena angin Maghrib. Kembang e rontok siji, tiba neng banyu sumur sing bening.
Banyu sumur mumbul, bening, iso nggo ngombe.