DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Bocah Sing Durung di Tebus
Geni neng pawon abang ireng. Ora anget, malah adhem. Hawa ne koyo njero sumur.
Danan nyawang geni kuwi, mripate perih.
Neng tengah geni abang ireng, bayangan duwur sing mripate abang loro mau nyawang Danan terus. Ora kedip.
Laras narik tangan Danan. "Kang, genine kok medeni..."
Mbah Kromo langsung nyiram banyu kembang setaman neng pinggir tungku.
Cesss! Geni abang ireng mau mbalek dadi kuning abang normal, anget maneh. Bayangan ireng ilang.
Mbah Kromo ambekane ngos-ngosan. "Sing njogo asli nginceng pawonmu, Le. Dia lapar. 100 tahun turu, saiki tangi."
Cahyo takon, "Sing njogo asli kuwi opo to, Mbah? Dudu bakul agung sing neng pasar mau?"
Mbah Kromo geleng. "Bakul agung sing neng pasar mau kui anak buahe. Sing njogo asli kui bapakne alas. Jenenge... Mbah Alas. Wujude wit ringin sing iso mlaku."
Danan merinding.
"Neng ngisor lawang neng dasar sumur mau, ono lumbung asli. Neng lumbung asli ora ono kendi jeneng, Le. Ono kurungan. Kurungan kayu jati, isine bocah-bocah sing ora tau ditebus keluargane. Bocah sing keluargane lali, ora tau nggoleki, ora tau nebus nganggo kenangan. Dadi dikurung selawase neng ngisor."
"Termasuk Laras cilik?" Laras gede takon lirih.
Mbah Kromo manthuk. "Laras cilik umur 5 tahun. Laras ilang pertama umur 5 tahun, 9 tahun lalu. Pas kui Danan isih neng perantauan, ora ono sing nebus. Dadi Laras dikurung neng ngisor. Laras sing bali umur 14 tahun wingi kui Laras palsu, Laras sing dipinjam alas, dicap, didol neng pasar. Laras sing asli isih neng ngisor."
Danan kaget. Nyawang Laras sing neng sebelah e.
Laras sing saiki umur 14 tahun, sing nangis-nangis ngrangkul Danan mau, raine pucet.
"Kang... aku... aku Laras palsu?" Laras nangis.
Danan ngrangkul Laras. "Ora, Nduk! Kowe adiku! Kowe sing tak gendong pas cilik!"
Tapi Laras sing 14 tahun mau awak e adhem. Kulit e putih pucet, ora anget koyo menungso.
Mbah Kromo nyekel tangan Laras 14 tahun, diraba denyut nadi ne.
Ora ono denyut.
Mbah Kromo mundur. "Innalillahi..."
Laras 14 tahun mesem. Mesem e sedih.
"Kang... aku ngerti, Kang... Aku dudu Laras tenanan. Aku eling, pas aku neng pasar, aku ditukarke nganggo 15 tahun kenanganmu. Aku digawe soko kenanganmu. Aku Laras sing neng kenanganmu..."
Laras 14 tahun awak e mulai luntur, koyo asap. Dadi kelopak kembang kantil putih, rontok.
Neng ngarep Danan, Laras 14 tahun ilang. Tinggal klambi ne tiba neng lantai pawon.
Laras sing asli, Laras cilik umur 5 tahun, isih dikurung neng ngisor sumur.
Danan njerit, "LARAS!!!"
Danan mlayu neng sumur mburi omah. Tanpa mikir, Danan nyemplung neng sumur.
Byur!
Cahyo njerit, "DANAN!"
Banyu sumur bening, adhem. Neng dasar sumur, lawang kayu DILARANG BUKA mau kebukak sitik, metu cahyo abang.
Danan nglangi mudun, mbukak lawang kuwi.
Neng mburi lawang, ono lorong watu. Lorong e dawa, peteng, mambu lemah teles.
Neng dinding lorong, ono kurungan-kurungan kayu jati, cilik-cilik, koyo kurungan manuk.
Neng njero kurungan, ono bocah-bocah.
Bocah pertama: Joko, anak Pak RT, umur 10 tahun, nangis. "Kang Danan... tulung aku..."
Bocah kedua: Cahyo cilik umur 10 tahun, nggowo layangan pedot. "Mas, aku kangen Ibu..."
Bocah ketiga: Sutarno 1936, Wagiman 1946, Sri 1956... bocah-bocah tumbal saben 10 tahun.
Neng kurungan paling mburi, paling peteng, ono kurungan sing ditutup kain putih.
Danan mbukak kain putih kuwi.
Neng njero kurungan, ono bocah wedok cilik, rambut dikuncir dua, nggowo boneka kain butut, turu.
Laras. Laras umur 5 tahun. Laras asli.
Danan mbukak kurungan. "Laras... Nduk... tangi..."
Laras cilik tangi. Nyawang Danan. Mripate bening.
"Kang Danan? Kowe tenanan?"
Danan nangis, ngrangkul Laras cilik. Anget. Laras asli anget, ono denyut jantung e.
"Kang, aku neng kene suwe, Kang. Peteng. Aku wedi..."
Soko mburi lorong, keprungu swara ngorok tangi turu maneh.
Hoo... sopo sing wani mbukak kurunganku...
Mbah Alas tangi.
Lorong geter. Watu-watu neng dinding rontok.
Mbah Kromo soko nduwur sumur bengok, "DANAN! METU! MBAH ALAS TANGI!"
Danan gendong Laras cilik, tangan liyane narik Joko, narik Cahyo cilik.
"Melau kabeh! Metu!"
Bocah-bocah neng kurungan do njerit, "Tulung aku, Kang! Gowo aku!"
Danan ora iso gowo kabeh. Kurungan e atusan.
Cahyo soko nduwur sumur ngulurke tambang.
"CEKEL TAMBANG E, NAN!"
Danan nyekel tambang, gendong Laras cilik neng pundak, Joko dirangkul, Cahyo cilik digandeng.
Ditarik munggah soko sumur.
Neng tengah-tengah ditarik, soko njero lorong abang, metu tangan gede banget, tangan soko oyot wit ringin, nyekel sikile Danan.
Danan ketarik mudun meneh.
"LARAS GOWOEN NDUWUR!" Danan bengok, ngangkat Laras cilik neng nduwur, ditampani Cahyo.
Laras cilik selamat.
Joko selamat.
Cahyo cilik selamat.
Danan ketarik neng ngisor.
Tangan oyot mau narik Danan mlebu neng lorong abang.
Neng ngarep lorong, Mbah Alas ngadek. Duuwur, awak e soko wit ringin, mripate abang loro, untu ne soko oyot.
Mbah Alas nyawang Danan.
"Kowe keturunan Ki Ageng... kowe sing ngobong lumbung palsuku... saiki kowe ganti... dadi sing njogo..."
Danan njupuk korek abadi sing isih neng sak e, sing genine abang ireng mau.
Danan nyumet tangan oyot sing nyekel sikile.
Cesss! Tangan oyot kobong.
Mbah Alas jerit. Jeritan alas.
Danan mlayu, manjat tambang.
Munggah tekan bibir sumur, Danan tiba neng lemah, ambekane ngos-ngosan.
Neng gendongan Cahyo, Laras cilik umur 5 tahun nangis, ngrangkul Danan.
"Kang Danan..."
Neng sebelah Laras cilik, Joko lan Cahyo cilik do nangis, bingung.
Neng dasar sumur, lawang kayu DILARANG BUKA nutup dewe, banter. Brak! Terus dikunci soko njero, nganggo oyot.
Sumur sepi. Banyune balik bening.
Neng pawon, geni sing ora tau mati mau abang e padang banget, terus... mati.
Pawon mati.
Kendi ireng jeneng Danan neng pinggir tungku, retak e tambah gede.
Ctak!