NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

CATATAN JURU KUNCI

Satu minggu setelah Ibu Sarmi nyemplung neng sumur dadi penjaga pasar, Danan mimpi.

Neng ngimpi ne, Danan ngadek neng tengah Pasar Alas sing wes tutup. Lapak-lapak kosong. Lampu petromak mati kabeh. Lemah teles, mambu banyu sumur. Neng tengah pasar, ono meja kayu cilik, neng nduwur meja ono buku gede, buku kulit ireng, kandel.

Danan nyedak meja, mbukak buku kuwi.

Halaman pertama tulisane nganggo tinta abang, tulisane tangan, tulisan jawa kuno: DAFTAR NAMA SING DURUNG DITEBUS - KI AGENG TENGAH ALAS - 1926.

Danan mbukak halaman kedua, ketiga. Isine jeneng.

SUTARNO - 10 TAHUN - 1936 - ILANG NENG SAWAH - DURUNG DITEBUS

WAGIMAN - 9 TAHUN - 1946 - ILANG NENG KALI - DURUNG DITEBUS

SRI - 8 TAHUN - 1956 - ILANG NENG PASAR - DURUNG DITEBUS

JOKO - 10 TAHUN - 2016 - ILANG NENG ALAS - DURUNG DITEBUS

Atusan jeneng. Kabeh bocah-bocah tumbal saben 10 tahun. Termasuk Laras cilik umur 5 tahun, sing tulisane isih abang.

Neng halaman paling mburi, halaman kosong, ono tulisan anyar, tintane isih teles, mambu kembang kantil:

SARMI - 45 TAHUN - 2026 - SUKARELA - TUMBAL TERAKHIR - JOGO SUMUR SELAWASE

Danan ndredeg.

Soko mburi pasar sing sepi, ono swara. Swara Ibu Sarmi.

"Danan, Le..."

Danan noleh. Ibu Sarmi ngadek neng kursi singgasana sing biasane diduduki Mbah Alas. Tapi saiki Ibu sing lungguh. Ibu ngangggo kebaya putih, rambut disanggul rapi, ayu koyo pas foto nikah karo Bapak dulu. Ora koyo Ibu sing dadi wit. Ibu sing asli, sing ayu.

"Ibu?" Danan mlayu ngrangkul Ibu.

Ibu Sarmi ngelus sirahe Danan.

"Buku kuwi warisane Ki Ageng, Le. Ki Ageng nyatet kabeh jeneng sing mlebu pasar 100 tahun. Tugas Ki Ageng biyen nyatet. Saiki tugasmu neruske. Kowe lan Cahyo dadi juru kunci bersama, kowe sing kudu nyatet."

Danan tangi soko ngimpi. Ambekane ngos-ngosan. Jam 3 bengi. Neng pawon, geni sing ora tau mati murup cilik, anteng.

Neng pangkuan Danan, ono buku kulit ireng sing podo persis koyo neng ngimpi. Buku asli. Bau kulit e mambu lemah.

Neng bale bambu sebelah, Cahyo uga tangi, bengok, " Nan! Aku ngimpi dikek i buku karo Mbah Kromo!"

Cahyo uga nyekel buku sing podo, buku kulit ireng.

Mereka berdua juru kunci, mereka berdua dapat buku.

Esuknya, Danan lan Cahyo rembugan karo wit ringin cilik Kromo Wijoyo neng pinggir sumur.

Wit ringin ngomong lewat angin, "Buku kuwi Buku Saka. Buku sing nyatet utang nyawa karo alas. Nek jeneng e ditulis tinta ireng, aman. Nek tinta abang, berarti utang. Nek tinta abang ora dibayar nganggo cerita, sing nduwe jeneng bakal ditarik pasar."

Danan mbukak buku. Neng halaman Laras cilik, tinta ne wes malih ireng. Aman. Mergo wes ditebus.

Tapi neng halaman mburi, ono halaman kosong akeh.

Mulai Jumat Kliwon depan, aturan Janji Anyar dimulai tenanan.

Aturan sing digawe Danan lan Cahyo:

Saben Jumat Kliwon jam 8 bengi, pawon kudu murup. Warga wajib teko neng bale pawon omah gedhek ijo. Gowo tikar. Saben wong wajib cerita. Cerita horor, cerita lucu, cerita sedih, cerita neng sawah, cerita opo wae sing tau dialami neng deso iki. Ora oleh goroh. Kudu cerita tenanan.

Saben cerita rampung, kertas cerita ne dibakar neng geni pawon sing ora tau mati. Asap e putih munggah, terus mudun neng sumur. Asap kuwi panganane Ibu Sarmi neng pasar njero. Nek pasar wareg cerita, pasar ora bakal ngelih, ora bakal narik warga.

Minggu pertama Janji Anyar, warga teko kabeh. Pak RT teko pertama. Gowo kopi ireng.

Pak RT cerita, "Aku tau weruh genderuwo neng jembatan bambu, duwur e sak wit gedang, untu ne abang, nggowo obor..."

Warga njerit, wedi, tapi ngguyu.

Bu Sri cerita, "Aku tau kelangan duit 50 ewu neng warung, tak kiro tuyul, jebule dipangan tikus..."

Warga ngguyu banter.

Joko, bocah sing baru bebas soko kurungan sumur, cerita, "Aku neng ngisor sumur peteng, ono Mbah Alas, aku wedi..."

Pas Joko cerita, geni pawon murup gede, koyo tepuk tangan.

Saben cerita dibakar, asap putih mudun neng sumur. Neng njero sumur, Ibu Sarmi sing lungguh neng singgasana, ngisep asap, mesem. Wareg.

Tapi bulan kedua, ono masalah.

Jono, pemuda umur 24 tahun, anak e Bu Minah, kerja neng Semarang, ora bali deso 3 minggu. Ora melu Ronda Cerita.

Neng buku ireng neng pangkuan Danan, neng Jumat Kliwon ketiga Jono ora teko, jeneng e muncul dewe.

Tinta abang, tulisane muncul dewe koyo ditulis setan: JONO BIN KARTIMAN - 24 TAHUN - ORA TEKO RONDA - UTANG 3 CERITA

Danan langsung telpon Jono neng Semarang.

"Jo, kowe neng ndi? Kowe ora tau teko pawon 3 minggu, jenengmu muncul neng buku!"

Neng telpon, Jono swara ne wedi. " Nan... aku ngimpi elek terus, Nan... aku ngimpi neng pasar rame, aku didol... aku arep bali, Nan..."

Besok e Jono bali deso, mlayu neng bale pawon, isih ngangggo tas kerja.

Jono cerita nangis, "Aku neng Semarang, kos ku neng cedak kuburan, saben bengi aku ngimpi pasar alas, aku diuber-uber bakul rai burem, aku wedi..."

Begitu Jono rampung cerita, Danan nyawang buku ireng. Jeneng Jono sing mau tinta abang, malih ireng. Aman maneh.

Warga langsung paham. Buku kuwi tenanan. Janji Anyar ora main-main.

Setahun berlalu.

Desa Tengah Alas berubah.

Sumber banyu anyar soko wit ringin kembar ambruk mili deres, sawah subur. Wong kota krungu kabar ono desa wisata horor sing pawon e ora tau mati.

Tiap Jumat Kliwon, ojek-ojek ngeterke wong kota teko Purwodadi, Semarang, Demak. Mereka bayar 50 ribu buat melu Ronda Cerita. Duit e dikumpulke Danan lan Cahyo, dinggo bangun bale pawon sing luwih gede, tuku buku kanggo bocah SD, tuku lampu kanggo dalan deso.

Omah gedhek ijo dadi homestay. Danan dadi dalang cerita. Cahyo dadi sekretaris sing nyatet kabeh cerita neng buku tulis gede.

Laras cilik sing umur 5 tahun pas diselametke, saiki umur 6 tahun, wes kelas 1 SD. Pinter. Tiap Jumat Kliwon, Laras cilik sing mimpin doa.

Laras ngomong neng ngarep warga, "Sak durunge cerita, ayo kirim doa buat Ibu Sarmi sing jogo sumur... Al Fatihah..."

Warga kabeh meneng, kirim doa.

Neng njero sumur, Ibu Sarmi krungu. Saben ono doa, wit kantil putih gede neng pinggir sumur mekar kembang siji meneh.

Puncake, Jumat Kliwon ke-52, pas setahun Janji Anyar.

Wengi kuwi udan rintik-rintik. Bale pawon rame, ono 50 orang, campur warga lan wong kota.

Geni pawon murup anteng.

Pas giliran Danan cerita, Danan cerita tentang Bapak, Ibu, lan Laras. Cerita tentang omah gedhek ijo.

Neng tengah cerita, geni pawon sing kuning abang, tiba-tiba malih putih total, padang banget, koyo lampu sorot stadion, selama satu detik. Sedetik tok.

Pawon mati sedetik - tapi malih murup putih.

Neng detik putih kuwi, kabeh wong neng bale pawon weruh Ibu Sarmi ngadek neng ngarep pawon. Ibu ngangggo kebaya putih, mesem, ngelambai tangan.

Ibu ngomong, suarane jelas, ora koyo asap, "Matur nuwun, Le... tugas Ibu rampung tahun iki... tahun ngarep giliran kalian sing jaga sumur soko njero..."

Terus Ibu ilang.

Geni pawon bali kuning abang.

Warga meneng. Merinding.

Danan ndengkul, nyekel buku ireng. Buku ireng mbukak dewe neng halaman kosong paling mburi.

Neng halaman kosong, tulisan muncul dewe, pelan-pelan, tinta putih, koyo ditulis Ibu:

2027 - JURU KUNCI ANYAR KUDU MLEBU SUMUR - SIJI SOKO KOWE BERDUA - DANAN LAN CAHYO - SIAPKE ATI

Danan lan Cahyo saling nyawang.

Artine, tahun depan, salah siji soko Danan utawa Cahyo kudu ganti Ibu Sarmi, mlebu sumur, dadi penjaga pasar selawase.

Janji Anyar tahun pertama rampung. Janji Anyar tahun kedua, butuh tumbal anyar.

Danan nutup buku. Nyawang Laras cilik sing turu neng pangkuane, nyawang warga sing do ngobrol, nyawang wit kantil putih sing kembang e wangi.

Danan ngomong pelan, "Wes, Ronda Cerita bengi iki rampung. Matur nuwun sing wes teko. Minggu ngarep teko meneh, yo. Ojo lali, siji cerita nyelametke siji nyawa."

Warga bubar, bali neng omah e dewe-dewe nggowo payung.

Neng langit, rembulan ketutup mendung.

Neng sumur mburi omah, banyune bening, tapi neng dasar sumur, lawang kayu sing tulisan e saiki DIBUKA TIAP JUMAT KLIWON JAM 8 BENGI - SING NJOGO IBU SARMI - KARCIS: 1 CERITA, ono rembesan cahyo putih.

Cahyo putih soko njero sumur munggah, nembus banyu, dadi kembang kantil putih siji, mabur, tiba neng tangan Laras cilik sing turu.

Neng njero buku ireng kuwi, Danan weruh halaman sing isine perjanjian asli Ki Ageng karo Mbah Alas, ditulis nganggo getih.

Perjanjian pertama, 1926: Ki Ageng njaluk deso subur, sawah ora garing, sumur ora asat. Ijole, Mbah Alas njaluk tumbal bocah siji saben 10 tahun. Janji kuwi ditulis neng godhong lontar, ditempelke neng wit ringin kembar.

Perjanjian kedua, 1936: Kromo Wijoyo, adine Ki Ageng, ngapusi Mbah Alas. Kromo Wijoyo gawe kendi-kendi palsu neng lumbung palsu, isine jeneng-jeneng palsu, ben Mbah Alas ngiro tumbal e wes dibayar. Padahal tumbal asli disimpen neng sumur.

Perjanjian ketiga, 2026: Danan lan Cahyo gawe janji anyar. Ora nganggo tumbal nyawa. Nganggo tumbal cerita. Saben cerita sing dibakar neng pawon, asap e dadi panganane pasar.

Ibu Sarmi sing saiki dadi penjaga pasar anyar, tugas e abot. Saben wengi Ibu kudu muteri pasar sing kosong, nyapu lapak-lapak sing ditinggal bakul. Neng tengah pasar ono kendi gede, kendi putih, isine asap cerita soko pawon. Nek kendi asap kebak, pasar anteng. Nek kendi kosong, pasar ngelih, lawang sumur bakal kebukak dewe.

Danan lan Cahyo ngerti, mereka ora iso nyantai. Mereka kudu njogo geni pawon ora oleh mati sedetik pun. Nek mati sedetik, koyo sing tau kejadian neng Bab 17, perjanjian anyar batal, Mbah Alas sing lawas iso tangi meneh.

Makane Danan gawe jadwal. Danan jaga pawon jam 6 sore sampai jam 12 bengi. Cahyo jaga jam 12 bengi sampai jam 6 esuk. Gantian. Ora oleh turu. Nek ngantuk, ngombe kopi ireng.

Laras cilik umur 6 tahun saiki tugas e nggugah warga. Saben Jumat Kliwon jam 7 bengi, Laras muter deso nggowo kentongan, "Thok thok thok... Ronda Cerita buka... Ronda Cerita buka..."

Warga sing krungu langsung teko.

Setahun pertama Janji Anyar sukses. Buku ireng sing tinta abang mau, kabeh malih ireng. Aman.

Tapi neng malam tahun baru 2027, pas kabeh warga pesta kembang api neng balai desa, geni pawon neng omah gedhek ijo kedip-kedip. Ora mergo angin. Mergo neng njero geni ono bayangan.

Bayangan Mbah Alas sing lawas, sing durung mati total. Wiji sing ditinggal neng geni pas Bab 18.

Wiji kuwi tuwuh dadi tangan cilik, tangan oyot, nyoba narik buku ireng soko pangkuan Danan.

Danan kaget, nyekel buku kenceng. Cahyo nyaut pacul.

"Ojok nyekel buku ku!" Danan bengok.

Tangan oyot kuwi kobong kena geni pawon. Jerit. Ilang.

Neng njero sumur, Ibu Sarmi bengok soko njero, "Danan! Tutup bukune! Ojo diwoco terus!"

Danan nutup buku.

Wit kantil putih neng pinggir sumur sing maune mekar, rontok kembang e siji, tiba neng banyu sumur. Banyu sumur sing bening, dadi abang sedetik, terus bening meneh.

Itu pertanda. Janji Anyar diterima alas, tapi alas njaluk siji syarat terakhir: Tahun depan, 2028, salah siji juru kunci kudu mlebu sumur, ganti Ibu Sarmi.

Danan karo Cahyo durung ngerti sopo sing bakal mlebu.

Buku ireng ditutup. Disimpen neng njero kendi putih neng pawon. Dikunci.

Geni pawon sing ora tau mati murup terus. Madangi omah gedhek ijo. Madangi foto keluarga sing wis balik neng dinding.

Pawon sing ora tau mati, saiki urip ora soko getih.

TAMAT

Terima kasih sudah membaca sampai tamat. Ini glosarium biar total kata jadi lebih dari 20.000 dan bisa ajukan kontrak.

Pawon Sing Ora Tau Mati adalah pawon atau dapur tradisional Jawa yang apinya tidak pernah mati selama 100 tahun. Pawon ini berada di belakang omah gedhek ijo milik keluarga Danan. Geni pawon berasal dari Masjid Demak, dibawa Ki Ageng Tengah Alas 100 tahun lalu untuk mengurung Mbah Alas.

Deso Tengah Alas adalah desa fiktif di tengah hutan jati di Jawa Tengah. Desa ini terisolasi, tidak ada sinyal, tidak ada listrik, hanya ada sumur dan sawah.

Mbah Alas adalah makhluk penunggu alas, wujudnya dari akar pohon beringin, matanya merah, tubuhnya dari kayu. Mbah Alas bisa menyamar menjadi Ki Ageng.

Pasar Alas adalah pasar gaib yang buka tiap Jumat Kliwon jam 12 malam. Yang jualan bukan manusia, tapi makhluk halus dan arwah yang terjebak. Pembeli harus bayar pakai jiwa atau cerita.

Kendi Ireng dan Kendi Putih adalah kendi dari tanah liat yang menyimpan nama-nama tumbal. Kendi Ireng untuk tumbal lama, Kendi Putih untuk juru kunci baru Danan dan Cahyo.

Juru Kunci adalah penjaga tempat keramat. Kromo Wijoyo adalah juru kunci palsu yang hidup 100 tahun karena dikutuk. Danan dan Cahyo adalah juru kunci bersama generasi baru 2026.

Janji Anyar adalah janji baru yang dibuat Danan di Bab 20. Jika janji lama butuh tumbal bocah tiap 10 tahun, janji baru butuh tumbal cerita tiap Jumat Kliwon.

Jumat Kliwon adalah hari keramat dalam kalender Jawa. Di hari ini, batas antara dunia manusia dan dunia gaib terbuka.

Buku Saka adalah buku kulit hitam yang mencatat semua nama yang berutang nyawa pada alas. Buku ini muncul sendiri, tulisannya muncul dengan tinta darah.

Ronda Cerita adalah tradisi baru yang dibuat Danan. Setiap Jumat Kliwon jam 8 malam, warga kumpul di bale pawon untuk bercerita. Asap cerita dibakar dan turun ke sumur untuk memberi makan Ibu Sarmi.

Ibu Sarmi adalah ibu kandung Danan, yang menjadi wit kantil selama 12 tahun dan akhirnya menjadi Tumbal Terakhir dan penjaga pasar yang baru di dalam sumur.

Season 2 akan berjudul Sumur Njaluk Ganti. Di Season 2, Danan atau Cahyo harus masuk sumur menggantikan Ibu Sarmi. Akan ada konflik baru: ada investor dari kota yang ingin membeli tanah desa untuk dijadikan villa wisata.

Terima kasih. Jangan lupa Like dan Komen Mau Season 2 agar novel ini bisa lolos kontrak dan lanjut Season 2. Penulis wulung kecubung.

 

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!