NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Bayangan Ning Pawon

Adzan Maghrib rampung. Desa Tengah Alas rame.

Warga do metu soko omah, gowo ember, gowo gayung, nggowo banyu soko sumber anyar neng bekas wit ringin kembar. Sawah sing garing 10 tahun, saiki banyune mili deres. Bocah-bocah do adus kali, banyune bening.

Neng omah gedhek ijo, pawon e murup anteng. Geni abadi cilik, kuning abang, anget. Ora gede koyo mau, tapi ora mati.

Danan, Laras, Cahyo, Mbah Kromo lungguh ngubengi pawon. Ngepung geni. Neng tengah meja ono piring sego anget, jangan lodeh, tempe goreng. Piring sing mau neng warung Mbok Min dadi watu, saiki dadi sego tenanan. Sego soko Mbok Min sing asli, sing dititipke lewat Mbah Kromo.

Laras mangan lahap. "Sego ne Mbok Min enak tenan yo, Kang."

Danan mesem. Elingane wes bali 100%. Eling kabeh, soko cilik sampai 12 tahun minggat neng bengkel Purwodadi.

Cahyo isih nyekel kertas soko kendi ne dewe. SULASTRI - IBU CAHYO. Ibune Cahyo saiki neng omah e Cahyo, masak, nangis-nangis, ngelus sirahe Cahyo terus.

Mbah Kromo nyawang pawon, matane sayu.

"Wes rampung, Le. Janji 100 tahun pedot. Lumbung kobong. Desa urip meneh."

Danan manthuk. Tapi atine kok ora tenang.

"Kok aku koyo ono sing kurang, Mbah?"

Mbah Kromo meneng.

Cahyo nyaut, "Aku juga, Nan. Aku koyo... koyo ono sing keri neng lumbung mau."

Danan eling kendi-kendi neng lumbung. Atusan kendi pecah kena geni abadi. Tapi... ono siji kendi sing ora kobong. Kendi paling gede neng tengah altar. Kendi ne Ibu, SARMI.

Kendi Ibu mau ora pecah. Malah metu cahyo putih, terus malih kembang.

"Berarti kabeh kendi wes pecah to, Yo?" Danan takon.

Cahyo mikir. "Kayone kabeh pecah. Kecuali kendi Ibukmu. Tapi kendi Ibukmu kan malah ngeculke Ibu."

Mbah Kromo ngadek, nyekel tongkat e. "Ayo ndelok meneh neng bekas lumbung. Mbah wedi ono sing keri."

Bertiga - Danan, Cahyo, Mbah Kromo - balik neng tengah alas. Laras ditinggal neng omah, jaga pawon. Pesan e Mbah Kromo: "Ojo nganti geni mati, Nduk."

Jam 8 bengi. Alas peteng, tapi ora medeni koyo wingi. Alas e anteng. Jangkrik muni.

Tekan bekas wit ringin kembar sing ambruk, lemah e isih anget. Bekas lumbung neng ngisor lemah, lawang kayu ne kobong, tinggal arang.

Danan mudun meneh neng njero lumbung. Mambu gosong.

Neng njero lumbung, kabeh rak kayu kobong dadi awu. Kendi-kendi pecah kabeh. Lemah kebak pecahan tanah liat.

Cahyo nyorot senter muter-muter.

"Neng kono, Nan! Neng pojok!"

Neng pojok lumbung sing paling peteng, sing ora kesentuh geni abadi mau, ono rak kayu cilik sing utuh. Rak e ketutup kain ireng.

Mbah Kromo mbukak kain ireng kuwi.

Neng nduwur rak, ono siji kendi. Kendi cilik, ireng, tutup e diiket kain kafan putih, diiket tali ijuk.

Neng kendi kuwi, tulisan areng e anyar. Teles. Mambu getih.

Tulisane:

DANANJAYA PRAWIRO UTOMO - 2026 - URUNG DIBAYAR - DITUKAR DEWE

Danan mundur. Napase mandek.

"Jeneng asliku..."

Mbah Kromo gemeter. "Iki... iki kendi sing digawe pas kowe ngombe banyu lali neng pasar, Le. Pas kowe bayar 15 tahun kenanganmu nganggo jeneng pasaranmu. Alas nyatet, nek kenanganmu bali, jiwamu sing dadi jaminan."

Cahyo njupuk kendi kuwi. Abot banget, padahal cilik.

Neng njero kendi, keprungu swara. Swara Danan dewe, umur 12 tahun, nangis.

Ibu... aku ora arep minggat... aku wedi neng deso...

Kendi ne Danan.

"Obong, Mbah! Obong kendi iki!" Cahyo bengok.

Mbah Kromo geleng. "Ora iso, Le. Kendi iki digawe soko getih e Danan dewe. Nek diobong nganggo geni abadi, Danan melu kobong."

Danan lungguh neng lemah, nyekel sirahe.

"Terus piye, Mbah? Aku kudu piye?"

Mbah Kromo nyawang kendi ireng kuwi suwe. Terus nyawang Danan.

"Ono siji cara. Kendi iki kudu dijogo neng pawon sing ora tau mati. Geni pawon bakal ngunci kendi iki, ben ora pecah, ben ora ditagih alas. Anggere geni pawon murup, kendi aman. Tapi nek geni mati sedetik wae..."

Mbah Kromo ora neruske.

Danan ngerti. Nek geni mati, Danan ilang. Ditarik alas.

Danan nggowo kendi ireng kuwi, dirangkul, digowo munggah soko lumbung.

Tekan omah gedhek ijo, Laras kaget nyawang kendi ireng.

"Kang, kuwi opo?"

Danan ora jawab. Danan mlebu pawon, nyedak tungku.

Pawon sing ora tau mati mau murup cilik. Danan mbukak tutup tungku.

Neng njero tungku, geni abadi mau mubeng-mubeng.

Danan nyelehke kendi ireng kuwi neng pinggir tungku, ora neng njero geni, tapi neng samping e, ben anget e geni nutup kendi.

Begitu kendi nempel pinggir tungku, tutup kain kafan putih e mbukak dewe sitik. Soko njero kendi, metu asap ireng tipis, terus kesedot geni pawon. Geni pawon mau abang e tambah gede sedetik, terus bali cilik.

Mbah Kromo manthuk. "Pinter. Kowe ngunci dhewe. Saiki nyowo kowe nyambung karo pawon."

Laras takon, "Maksud e piye, Mbah?"

Mbah Kromo jelaske, "Saiki Danan ora iso adoh soko omah gedhek ijo iki. Nek Danan minggat adoh soko geni pawon, kendi ne adem, segel e pedot, Danan bakal ditarik alas. Danan kudu dadi juru kunci pawon, selawase. Kayak Mbah buyut Ki Ageng."

Danan lungguh neng ngarep pawon. Nyawang geni abadi. Nyawang kendi ireng jeneng asline.

Ati ne abot, tapi tenang.

12 tahun dia minggat mergo wedi deso, wedi tanggung jawab. Saiki, deso milih dia dadi penjaga.

"Kang..." Laras lungguh neng sebelah Danan, nyandak pundak e. "Aku tak neng kene wae karo kowe, Kang. Kita openi pawon bareng."

Cahyo teko, nggowo ibune, Sulastri. Ibune Cahyo nggowo rantang isine sego berkat.

"Monggo, Le, mangan bareng. Pawon e wes urip, deso wes slamet."

Wong papat mangan neng ngarep pawon sing murup. Neng njobo, warga takbiran, mergo banyu bali, panen bakal apik.

Tengah wengi.

Danan ora iso turu. Dia lungguh dewe neng pawon. Nyawang geni.

Neng geni abadi mau, Danan weruh bayangan.

Bayangan Ki Ageng Tengah Alas mesem neng Danan. Neng sebelah Ki Ageng, ono Ibu, Sarmi, mesem juga. Neng sebelah Ibu, ono Mbok Min, nggowo celemek.

Kabeh penjaga pawon sebelum Danan.

Mereka manthuk neng Danan, koyo pamit.

Bayangan ilang. Geni bali cilik.

Danan nyawang kendi ireng neng pinggir tungku. Kendi jeneng asline.

Neng tutup kain kafan kendi kuwi, saiki ono tulisan anyar, muncul dewe, ditulis nganggo awu:

SEASON 2: SUMUR MBURI OMAH MBURINE ISIH ONO LAWANG

Danan kaget. Dibukak tutup kendi, neng njero kendi sing mau ne ono swara Danan nangis, saiki ono swara liyane.

Swara bocah-bocah akeh nangis soko njero sumur mburi omah.

Swara soko lawang sing durung kebukak neng dasar sumur.

Laras teko soko mburi, nggowo selimut. "Kang, turu yo."

Danan nutup kendi cepet. Diselehke meneh neng pinggir pawon.

"Iyo, Nduk. Turu."

Tapi mripate Danan ora merem. Nyawang sumur mburi omah soko jendela pawon.

Sumur mburi omah sing banyune saiki bening, neng dasar e ketok lawang kayu cilik liyane.

Lawang sing durung pernah dibuka.

Neng lawang kuwi, ono tulisan: DILARANG BUKA - SING NJOGO TURU

Neng nduwur sumur, wit kantil cilik sing mau tuwuh soko Ibu, kembang e mekar siji, terus rontok. Rontok e tiba pas neng nduwur lawang kayu neng dasar sumur.

Tok.

Swara pelan, tapi Danan krungu tekan pawon.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!