NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

JANJI ANYAR

Esuk. Jumat Kliwon lewat.

Desa Tengah Alas sepi, tapi sepi sing tentrem. Ora sepi sing medeni koyo 10 tahun lalu.

Banyu soko sumber anyar bekas wit ringin kembar ambruk mili deres neng sawah. Bocah-bocah do adus kali, banyune bening.

Neng mburi omah gedhek ijo, sumur e bening. Neng pinggir sumur, wit kantil putih gede sing baru tuwuh soko wit jantung e Ibu Sarmi, kembang e mekar akeh, putih-putih, mambu wangi.

Neng ngisor wit kantil putih, ono watu nisan cilik soko kayu. Tulisane diukir Cahyo bengi mau:

SARMI - IBU - TUMBAL TERAKHIR - SING JOGO PASAR NENG NJERO - 2014-2026

Danan lungguh neng pinggir sumur, gendong Laras cilik umur 5 tahun sing asli, sing baru turu. Neng sebelah e Cahyo, ibune Sulastri, Pak RT, Joko, lan warga desa do ngumpul.

Neng ngarep warga, ono pawon sing ora tau mati. Geni ne saiki murup anteng, kuning abang murni, ora ono titik ireng. Geni resik.

Neng pinggir tungku, ono loro kendi anyar:

SARMI - TUMBAL TERAKHIR - PENJAGA PASAR SELAWASE

DANAN & CAHYO - JURU KUNCI BERSAMA - 2026

Kromo Wijoyo sing wes dadi wit ringin cilik neng pinggir sumur, godong e goyang kena angin, suarane soko angin:

"Danan... Cahyo... Saiki kowe berdua juru kunci... Tugas e bedo karo Mbah Alas..."

Danan takon, "Tugas e opo, Mbah?"

Wit ringin Kromo Wijoyo ngomong, "100 tahun lalu, janji ne tumbal bocah tiap 10 tahun. Janji sing salah. Janji sing digawe mergo serakah. Saiki, janji ne kudu diganti. Janji anyar."

Warga do meneng, ngrungokke.

Danan ngadek, nyawang warga.

"Warga Tengah Alas... 100 tahun deso iki urip soko wedi. Wedi karo alas, wedi karo pasar, wedi karo Mbah Alas. Bocah ilang, Ibu dadi wit, Bapak mati. Kabeh mergo janji sing salah."

Cahyo ngadek neng sebelah Danan.

"Saiki Mbah Alas asli wes mati. Ibu Sarmi sing jogo pasar neng njero sumur. Pasar ora bakal buka neng njobo meneh. Tapi pasar butuh mangan. Pasar butuh cerita. Nek pasar ora dipakani cerita, pasar bakal ngelih, bakal buka dewe, bakal narik warga meneh."

Danan njupuk kendi putih DANAN & CAHYO - JURU KUNCI BERSAMA, diangkat duwur.

"Dadi, aku lan Cahyo, minongko juru kunci anyar, gawe janji anyar karo alas. Ora tumbal bocah. Ora tumbal nyowo. Tumbal e... cerita."

Warga bingung. "Cerita piye, Dan?"

Danan mesem. Pertama kali mesem tenanan setelah 12 tahun minggat.

"Saben Jumat Kliwon, saben jam 8 bengi, pawon neng omah gedhek ijo iki kudu murup. Warga kumpul neng bale pawon. Saben warga wajib cerita. Cerita horor, cerita lucu, cerita sedih, cerita opo wae sing tau dialami neng desa iki. Cerita ne bakal tak bakar neng geni pawon. Asap e cerita bakal mudun neng sumur, dipangan Ibu Sarmi neng pasar njero. Nek pasar kenyang cerita, pasar ora bakal ngelih, ora bakal narik warga."

Pak RT manthuk-manthuk. "Ooo... koyo kumpulan Ronda cerita?"

"Iyo, Pak RT. Ronda cerita. Pawon sing ora tau mati dadi panggung cerita."

Neng njero sumur, keprungu swara Ibu Sarmi ngguyu alus, seneng.

Hmm... cerita... Ibu seneng cerita...

Warga do ngguyu.

Laras cilik sing umur 5 tahun tangi, takon, "Kang, aku cerita opo?"

Danan gendong Laras cilik. "Kowe cerita pas kowe dikurung neng ngisor sumur, Nduk. Cerita peteng e lorong, ben Ibu krungu."

Laras cilik manthuk.

Malam pertama Janji Anyar.

Jumat Kliwon depan, seminggu setelah pasar tutup.

Bale pawon omah gedhek ijo rame. Warga do teko gowo tikar, gowo kopi, gowo gorengan. Lampu teplok murup.

Danan lungguh neng ngarep pawon, jadi dalang. Cahyo jadi tukang catet cerita.

Pak RT cerita pertama: "Aku tau weruh genderuwo neng sawah, untu ne abang..."

Warga do njerit, ngguyu.

Joko cerita: "Aku tau ilang neng pasar alas, didol bakul rai burem..."

Cahyo nyatet kabeh cerita neng buku tulis.

Saben cerita rampung, Danan njupuk kertas cerita, dibakar neng geni pawon sing ora tau mati.

Asap e putih, munggah, terus mudun neng sumur.

Neng njero sumur, Ibu Sarmi sing lungguh neng singgasana pasar, ngisep asap cerita, mesem, wareg.

Geni pawon tambah gede, tambah padang.

Neng tengkuk Danan lan Cahyo, cap kembang kantil putih tato permanen juru kunci padang, anget.

Neng tengah cerita-cerita, wit kantil putih gede neng pinggir sumur rontok kembang e siji, tiba neng pangkuan Laras cilik.

Laras cilik mbukak kembang. Neng njero kembang, ono tulisan cilik, tulisan Ibu:

DANAN, LARAS, CAHYO - IBU NENG KENE WAE - OJO WEDI - PASAR AMAN - JANJI ANYAR DITERIMA

Danan nangis, mesem.

Neng langit, lintang akeh.

Neng omah gedhek ijo, pawon sing ora tau mati murup terang, madangi foto keluarga: Bapak, Ibu Sarmi, Danan umur 3 tahun, Laras bayi.

Foto sing 12 tahun ilang, saiki bali neng dinding.

Epilog - 1 Tahun Kemudian.

Desa Tengah Alas dadi desa wisata horor. Wong-wong soko kuto teko tiap Jumat Kliwon pengen melu Ronda Cerita neng pawon.

Omah gedhek ijo dadi homestay. Danan lan Cahyo dadi juru kunci, tukang cerita.

Laras sing umur 5 tahun saiki umur 6 tahun, sekolah SD, pinter cerita.

Neng sumur mburi omah, lawang kayu DILARANG BUKA isih ono, tapi tulisan e ganti dewe, dadi:

DIBUKA TIAP JUMAT KLIWON JAM 8 BENGI - SING NJOGO IBU SARMI - KARCIS: 1 CERITA

Neng pawon, kendi loro isih ono.

Neng geni pawon, nek dirungokke jero, isih keprungu swara Ibu Sarmi nembang:

Lir ilir, lir ilir, tandure wong sumilir...

Janji 100 tahun pedot. Janji anyar dimulai.

Pawon sing ora tau mati, saiki murup selawase, ora mergo getih, tapi mergo cerita.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!