DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Janji Setiap 10 Tahun
Cap kembang kantil neng tengkuk Laras ngebul tipis. Abang. Panas.
Danan nyentuh cap kuwi. Cesss! Jarine koyo kesetrum.
"Aduh!" Danan narik tangan.
Laras nangis tambah banter. "Sakit, Kang... Panas..."
Cahyo langsung nyabut kaos e, dirobek, ditutupke neng tengkuk Laras.
"Cap pasar, Nduk. Kui tanda kowe wes tau didol. Alas ngecap barang dagangane ben ora ilang."
Kentongan soko tengah alas isih ditabuh. Tok... Tok... Tok... cepet, panik.
Warga bengok-bengok, "ILANG! ILANG MENEH!"
Cahyo nyawang tengah alas. "Ono korban anyar. Ayo ndelok."
Mereka mlayu bertiga, nembus galengan sawah peteng. Danan isih nggowo korek kayu abadi soko Mbok Min, genine ora mati kena angin. Kembang kantil putih titipan Ibu isih neng sak e Laras.
Tekan perempatan tengah desa, warga ngumpul. Gowo obor.
Neng tengah-tengah warga, Pak RT nangis, ngrangkul wong wedok. "Anakku... Joko ilang..."
Bocah lanang umur 10 tahun, anak e Pak RT, Joko, ora ono.
"Terakhir neng ndi, Pak?" Cahyo takon.
Pak RT nunjuk alas. "Mau sore dolanan neng pinggir alas, karo Laras wingi... Terus ora bali..."
Danan lan Laras nyawang-nyawangan.
Laras bisik, "Joko sing mau neng pasar, Kang... Aku weruh... Dia lungguh neng lapak bakul layangan..."
Danan kaget. "Joko wes neng pasar?"
Wong wedok tuwo, Mbah Kromo asli - sing mau wes ilang neng sumur - tiba-tiba muncul soko mburi warga. Kali iki Mbah Kromo asli tenan, awak e gemeter, nggowo tongkat.
Mbah Kromo nyawang Laras, terus nyawang Danan.
"Kowe wes ngobong bakul jamu, Le? Kowe wes ngerti sumur?"
Danan manthuk. "Mbah, Joko ilang neng pasar. Piye carane nebus?"
Mbah Kromo lungguh neng watu, napas abot.
"Janji saben 10 tahun, Le... Desa Tengah Alas iki nduwe janji karo alas. Janji soko jaman Mbah buyutmu."
Warga kabeh meneng, ngrungokke.
Mbah Kromo cerita, suarane pelan, koyo dongeng.
"Jaman biyen, desa iki paceklik. Ora ono banyu, ora ono pari. Mbah buyutmu, Ki Ageng Tengah Alas, mlebu alas njaluk tulung. Neng tengah alas ketemu sing nunggu. Sing nunggu ngomong, 'Aku iso nggawe desamu subur, banyune mili, parine lemu. Tapi saben 10 tahun, aku njaluk siji bocah. Bocah sing isih resik, sing durung dosa.'"
Warga do istighfar.
"Mbah buyut setuju. Dadi deso subur. Tapi saben 10 tahun, ono bocah ilang. 10 tahun lalu... Cahyo ilang. Tapi Cahyo pinter, iso bali separo. 10 tahun sakdurunge Cahyo, aku... adiku ilang..."
Mbah Kromo nangis.
"Saiki, 2026. Wes 10 tahun soko Cahyo ilang. Saiki giliran Joko."
Pak RT njerit, "Anakku! Anakku arep dijupuk alas!"
Mbah Kromo nyawang Danan, mripate tajam.
"Neng buku catetane Ki Ageng, ono siji cara mbuang janji kuwi. Cara ne: ngobong lumbung sesajen neng ngisor wit ringin kembar. Lumbung kuwi isine janji-janji sing ditulis nganggo getih. Nek lumbung diobong nganggo geni abadi soko pawon omah gedhek ijo, janji ne putus."
Danan ngangkat korek kayu abadi mau. Genine isih murup.
"Geni iki, Mbah?"
Mbah Kromo manthuk. "Kui genine. Geni sing diuripke Mbah buyutmu 100 tahun lalu, ora tau mati. Alas wedi geni kuwi. Mergo geni kuwi soko njobo alas."
Cahyo takon, "Lumbung e neng ndi, Mbah?"
Mbah Kromo nuding tengah alas sing paling peteng. "Neng ngisor wit ringin kembar sing oyot e nggandeng. Wit kuwi neng tengah-tengah desa kembaran. Neng njero lumbung ono kendi-kendi isine jeneng. Jeneng bocah-bocah sing ilang. Termasuk jenenge Cahyo, Laras, Joko, lan... ibumu, Sarmi."
Danan kaget. "Ibuku? Ibuku kan ora bocah?"
"Ibukmu pas ilang umur 40, tapi nyowo ne resik, Le. Alas seneng nyowo resik. Makane disimpen neng sumur dadi wit."
Laras njupuk tangan Danan. "Kang, ayo obong lumbung e. Selak Joko didol neng pasar."
Mbah Kromo nyekel tangan Laras, nyawang cap kembang kantil neng tengkuk e.
"Nduk, kowe ora iso melu. Kowe wes dicap. Nek kowe mlebu alas maneh, kowe bakal ketarik neng pasar selawase, dadi bakul. Kowe tunggu neng kene karo Mbah."
Laras nangis. "Aku pengen melu, Mbah. Joko koncoku..."
Cahyo nyaut, "Aku melu, Nan. Aku wes tau neng kono. Aku ngerti dalane."
Danan nyawang Laras, nyawang Cahyo, nyawang Pak RT sing nangis.
Danan nggenggam korek abadi lan kembang kantil titipan Ibu.
"Ayo, Yo. Kita budal saiki. Jam piro saiki?"
Cahyo nyawang jam tangan e sing mati. "Jam 12 bengi pas. Wengi Jumat Kliwon."
Mbah Kromo kaget. "Jumat Kliwon! Pasar Alas buka gedhe neng Jumat Kliwon! Lumbung dijogo ketat!"
Tapi Danan wes mlaku neng ngarep. Langkah e mantep, senajan elingane isih bolong-bolong.
Neng mburi Danan, korek abadi mau genine tambah gede, abang, madangi dalan.
Soko njero alas, soko arah wit ringin kembar, keprungu swara bocah ngguyu. Swara Joko.
Hihihi... Kang Danan... Tulung aku...
Danan mlayu.
Cahyo mlayu neng mburine.
Neng pinggir alas, neng wit-witan, ketok bayangan-bayangan bocah akeh ngadek, nyawang Danan lan Cahyo mlebu alas.
Kabeh bocah sing tau ilang saben 10 tahun. Ngadek jejer, meneng.
Neng ngarep dewe, ono bocah wedok, rambut dikuncir dua, nggowo boneka.
Laras cilik. Laras umur 5 tahun, pas durung ilang.
Laras cilik mesem neng Danan.
"Kang... ojo lali aku..."