NovelToon NovelToon
KOK HOROR??? Series.

KOK HOROR??? Series.

Status: sedang berlangsung
Genre:Hantu / Horor / Misteri
Popularitas:115
Nilai: 5
Nama Author: Nacha Adhi

Sejak malam itu, hidup Raka berubah drastis. Setelah tak sengaja melewati rumah tua terbengkalai di ujung gang dan merasakan gangguan gaib, ia terus dihantui penglihatan aneh, suara bisikan, dan kejadian tak wajar. Perlahan ia mengungkap rahasia kelam rumah itu—tempat menyimpan kutukan dan korban hilang puluhan tahun silam—sambil berjuang melepaskan diri dari jeratan makhluk yang sudah menandainya.

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon Nacha Adhi, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

EPS 3: PESUGIHAN KANDANG BABI Bab 5: Asal Pesugihan

Tahun 1985.

Angin Gunung Kawi nusuk tulang. Jam 2 pagi, kabutnya tebel kayak kapas basah. Slamet, 25 tahun, cuma pake kaos kutang sama sarung, jalan nyeker di jalur setapak. Badannya kurus, gigi gemetukan. Di tangannya ada koper kecil isi beras, kembang 7 rupa, sama duit receh hasil ngutang ke rentenir pasar.

“Mbah... Mbah Maridjan...” Slamet manggil pelan, suaranya ilang ketelen kabut.

Di depan, pesarean tua. Pohon beringin gede, akarnya gantung kayak rambut nenek-nenek. Di bawahnya duduk orang tua bungkuk, pake jubah item, mukanya nggak keliatan ketutup caping. Bau menyan sama minyak duyung nyegrak.

“Wis teko, Le?” suaranya berat, bukan suara manusia. Kayak dari dalem sumur.

Slamet langsung sujud. Jidatnya nempel tanah dingin. “Kulo Slamet, Mbah. Saking Karangasem. Nyuwun pangestu... nyuwun sugih...”

Juru kunci itu ketawa. Pelan. Hek... hek... hek... “Sugih? Gampang, Le. Tapi eling. Sugih kui enek regane. Nyowo. Nyowone sopo?”

Slamet nengok. Tangannya gemeter ngeluarin foto dari saku. Foto bojone, Murni, lagi gendong bayi. Bayi wedok, pipinya tembem, matanya biru. Aisyah. Umur 2 minggu.

“Pun, Mbah. Kulo ikhlas. Asal kulo sugih. Kulo kesel mlarat. Dipoyoki tonggo. Bojo arep lairan neng dukun bayi ae ora nduwe duit.”

Juru kunci ngangguk. Capingnya gerak. “Bagus. Ikhlas. Luwih penak. Nek dipekso, malah rewel.”

Dia ngangkat tangan. Dari dalem jubahnya keluar sesuatu. Kecil. Bergerak. Anak babi. Tapi aneh. Badannya pink, resik, matanya biru kayak kelereng. Di jidatnya ada tato aksara Jawa: ꦲꦩꦸꦏ꧀. Amuk.

“Iki babonmu, Le,” kata juru kunci. “Jenenge Buto Amuk. Ngerawatono. Kandangono. Pakani ati. Nek wis gede, nyambut gawe kanggo kowe.”

Slamet nerima. Anak babi itu anget. Anteng di tangannya. Matanya biru natap Slamet. Polos.

“Syarate?” Slamet nelen ludah.

“Setahun pisan, pas purnama, wenehi ‘sajen’. Dudu kembang. Dudu menyan. Nyowo, Le. Nyowone menungso.” Juru kunci ndeket. Bau minyak duyungnya makin nyengat. “Sepuluh tahun pisan, kudu getihmu dewe. Anakmu. Nek ora, Buto Amuk ngamuk. Sing disedot ora mung nyowone wong liyo. Nyowomu, nyowone sak deso.”

Slamet gemeter. Dia ngelus anak babi itu. Anget. Kayak anaknya sendiri.

“Nek aku mangkir, Mbah?”

Juru kunci nyengir. Giginya item, runcing. “Kowe bakal dadi babon anyar, Le. Ditaleni neng kandang. Dadi tumbal gantine Buto Amuk. Selawase.”

Kabut makin tebel. Suara gamelan sayup dari pesarean. Slamet ngerasa jidatnya adem. Pas dipegang, ada cap. Cap kaki babi. Cilik. Panas. Terus ilang.

“Gowonen mulih, Le,” juru kunci ngusir. “Kandangono neng mburi omahmu. Aja nganti tonggo ngerti. Nek wis gede, ajari ‘nyambut gawe’. Carane? Bengi-bengi, celuk jenenge ping telu. Buto Amuk... Buto Amuk... Buto Amuk. Terus ngomong: ‘Njaluk sangu’. Wis. Turu. Sesuk isuk, duit neng ngisor bantalmu.”

Slamet manggut-manggut. Dia masukin anak babi itu ke koper, nutup pelan. Pas mau pamit, juru kunci nahan.

“Lali, Le. Buto Amuk iku dendaman. Nek kowe ngapusi, nglarani anake, nglarani ‘getihmu dewe’...” Dia nunjuk ke foto Aisyah di tangan Slamet. “Matane bakal ngganti. Matane Buto Amuk bakal dadi matane anake. Ngawasi kowe. Nganti kowe nebus.”

Slamet nggak dong. Dia pamit, lari turun gunung. Kopernya dia dekap. Di dalem, anak babi itu ngik... ngik... pelan. Kayak nangis.

3 bulan kemudian. Karangasem.

Kandang babi udah jadi. Di belakang rumah gedek Slamet. Babi kecil itu cepet gede. Seminggu udah segede anjing. Sebulan udah segede kambing. Matanya tetep biru. Manut. Tiap Slamet ngelus, dia nguik-nguik manja.

Murni, bojone, curiga. “Mas, babi kok matane biru? Pakane apa?”

“Wis, menengo,” Slamet mbentak. “Pokoke awake dewe bakal sugih. Kowe ora usah adus neng kali maneh.”

Malem Jumat Legi pertama. Purnama. Slamet kaku. Keringet dingin. Dia ngelingan omongan juru kunci: sajen... nyowo...

Di bale, Murni lagi nyusoni Aisyah. Bayi 3 bulan, matanya biru, lucu.

Slamet ngliat ke kandang. Buto Amuk udah segede sapi. Ngok-ngok gelisah. Matanya biru natap ke rumah. Natap ke kamar. Natap ke Aisyah.

Slamet ngambil arit. Tangane gemeter. Dia ndeketi bale. Murni merem, ketiduran.

Aisyah melek. Mata birunya ketemu mata Slamet. Bayi itu senyum. Nggak ada gigi. Eee... aaa...

Tangan Slamet yang genggam arit turun. Nggak kuat.

Dari kandang, NGOKKKKK!!! Buto Amuk ngamuk. Nyeruduk pintu kandang. Brak! Brak! Kayu jati sampe retak.

Slamet panik. Kalo babi itu lepas, satu desa bisa tau.

Dia lari keluar. “Meneng! Meneng, Cah Bagus!”

Buto Amuk diem. Ngos-ngosan. Matanya biru natap Slamet. Kecewa. Laper.

Slamet bingung. Dia nggak tega Aisyah. Tapi kontrak harus jalan.

Matanya ngeliat ke luar. Di jalan depan rumah, lewat anak wedok. Juminten, 6 tahun, anak e tukang becak. Balik ngaji, sendirian.

Setan di kuping Slamet bisik-bisik. Sajen... sajen... ora kudu getihmu dewe... sepuluh tahun pisan lagi...

Slamet ngejar. Nyekel Juminten. Ngebekep. Nyekek. Digowo neng kandang.

Jam 12 malem. Di kandang, Slamet ngiket Juminten. Bocah itu nangis, njerit. “Pak... ampun Pak...”

Buto Amuk meneng. Ngiler. Matane biru dadi abang. Alon-alon.

Slamet nutup mata. Arit diayunke.

Cras!

Esuknya, Slamet nemu 2 gepok duit di bawah bantal. Gambar Soeharto. Jumlah e ora masuk akal. 10 juta. Tahun 1985.

Buto Amuk di kandang turu wareg. Matane abang. Wareg. Di pojokan, cuma ada kalung. Kalung emas cilik, bandule huruf J. Juminten.

Slamet njupuk, ndeleh neng njero lemari. Tangane gemeter. Tapi lambe ngguyu.

Mulai hari itu, Slamet jadi Kaji Slamet. Sugih. Sawah nambah. Sapi nambah. Masjid dibangun.

Tiap purnama, ada anak ilang. Warga ngomong: buto ijo. Kaji Slamet sing mimpin tahlil. Sing mimpin ndonga. Sing paling banter nangis.

Tahun 1995. Kontrak 10 tahun. Giliran getih dewe.

Aisyah umur 10. Mata biru. Pinter ngaji. Sayang bapak e.

Malem purnama, Kaji Slamet ngelus Aisyah. “Nduk... kowe sayang bapak?”

“Sayang, Pak,” Aisyah meluk.

Kaji Slamet nangis. Tenanan. Tapi kandang neng mburi ngok-ngok banter. Buto Amuk luwe. Nek ora diwenehi, Kaji Slamet sing dipangan.

Dina iku, Aisyah ilang. Ketemune neng kali. Kekllep. Katanya.

Ning neng kandang, babi anyar muncul. Cilik. Kurus. Matane biru. Aisyah.

Kaji Slamet ngunci kandang. Ora tau ndelok babi iku maneh. Diwenehi makan lewat lobang cilik. 18 tahun.

Sekarang.

Rendi kebangun di balai desa. Pak Warto ngompres jidat e. “Mas... sampeyan pingsan neng ngarep pager Kaji.”

Rendi njengit. Badane loro kabeh. Cap di kakinya udah item, gosong, tapi malah nggak krasa perih. Mati rasa.

“Pak,” Rendi ngangkat kalung Wulan karo foto Aisyah. “Iki buktine. Kaji Slamet tumbal anak e dewe. Aisyah saiki dadi babi neng kandang. Matane biru.”

Pak Warto ndelok foto. Tangane gemeter. “Astaghfirullah... pantesan... pantesan 18 tahun nggak tau ono babi mati neng kandang. Sing mati malah anak e uwong.”

“Purnama sesok, Pak,” Rendi nyekel tangane Pak Warto. “Kontrak e entek. Dinda gilirane. Nek Dinda mati, Buto Amuk bebas. Kaji Slamet bebas. Tapi nek Dinda urip... kontrak batal. Buto Amuk ngamuk neng Kaji Slamet.”

Pak Warto ngadek. Matane keras. “Lha terus piye, Mas? Nglawan Kaji Slamet karo Genderuwo Mukti?”

Rendi ngadek juga. Nyeri, tapi matane murup. “Nglawan, Pak. Neng kandang. Nggowo menyan kebalik. Nyeluk jeneng asline: Buto Amuk. Ngobong kandange.”

“Sampeyan gendeng! Ditandani ngono kok!”

“Iki,” Rendi ngangkat kalung Wulan. “Wulan njaluk pulang. Iki,” ngangkat foto Aisyah. “Aisyah njaluk adil. Aku...” dia ngelus cap gosong di sikil e. “Aku wis kadung mlebu kontrak. Dadi aku sing nutup.”

Saka njaba balai desa, rame. Warga nggowo obor. Nggowo arit. Nggowo pentungan. Ngarep dewe, Pak Kades. Matane abang.

“METUO, RENDI! TUMBAL KANDANG! OJO NGAWE SIAL DESO IKI!”

Pak Warto nyekel golok. “Piye, Mas?”

Rendi ngguyu. Pait. “Yo wis, Pak. Nek arep diobong warga, mending diobong Buto Amuk. Ning ojo lali...”

Dia mbukak lawang balai desa. Warga langsung meneng. Obor-obor sorot ke Rendi.

Rendi ngangkat kalung Wulan duwur-duwur. “SOPO SING KELANGAN ANAK? SOPO SING KELANGAN WULAN? JUMINTEN? ANAK E PAK KADES?”

Warga gemuruh. Nangis.

“IKI KALUNGE!” Rendi mbengok. “NENG KANDANG KAJI SLAMET! BABINE SING MATENI! MATANE BABI IKU MATANE ANAKMU!”

“GOBLOG! FITNAH!” Saka mburi warga, Kaji Slamet muncul. Nggowo arit. Jubine putih, kopiah e miring. Matane abang. “BOCAH KUTO IKI WIS GENDENG! DIKEPLEK SETAN!”

“DUDUK AKU SING DIKEPLEK!” Rendi mbengok, nunjuk Kaji Slamet. “KAWE! KAWE SING SUGIH SAKA NYOWO ANAKMU DEWE! AISYAH! ANAK MU SING MATANE BIRU SA"

“DIAM!” Kaji Slamet mbengok, suarane ngalahke obor warga. Arit di tangane diacungke. “Kowe bocah wingi sore ngerti opo?! Aku sing mbangun deso iki! Aku sing nyekolahke anakmu! Nyumbang masjid! Lha kowe? Teko-teko gawe rusuh!”

Warga mulai ragu. Ngeliat ke Kaji Slamet, ngeliat ke Rendi. Obor-obor goyang.

Rendi ngerti. Omongan nggak cukup. Kaji Slamet kebal karena dibilang wong alim. Butuh bukti sing iso dicokot mata.

Rendi ngangkat foto Aisyah. “IKI BUKTINE! Aisyah! Anakmu sing mati tahun 2013! Jare kowe kelep neng kali! Tapi nyatane?”

Dia nunjuk ke arah kandang di ujung desa. “Saiki dadi babi neng kandangmu! Matane biru! Cilik! Kurus! Kowe kurung 18 tahun! Kowe pakani liwat lobang kayak asu!”

Kaji Slamet mrentak. Mukane abang mblenduk. “BOHONG! KUWI FOTO LAMA! EDITAN!”

“EDITAN?” Rendi ngguyu, nesu. “Yoh! Tak jak kowe kabeh neng kandang saiki! Tak buktekke! Nek aku ngapusi, obongen aku neng kene! Tapi nek bener...” matane Rendi nyalak, “...KOWE SING TAK OBONG!”

Warga gemruduk. Ada sing setuju, ada sing wedhi. Pak Kades maju, arit di tangan. “Yen bener kandang isine setan, kudu dirusak! Anaku wis mati! Aku ora arep anak liyane mati meneh!”

“Pak Kades!” Kaji Slamet nyegah. “Sampeyan percoyo karo wong kuto iki? Eling! Sing maringi sampeyan sawah ganjaran iku aku! Sing nglunasi utangmu neng bank iku aku!”

Pak Kades meneng. Genggemane arit kendo. Utang. Ganjaran. Wong cilik kalah karo duit.

Rendi ngerti. Dia kalah suara. Dia nengok ke Pak Warto. Pak Warto ngangguk, ngerti kode. Ngacungke golok.

“Warga Karangasem!” Pak Warto mbengok, suarane tuwo tapi lantang. “Anakku Wulan mati gosong! Tangane enek cap sikil babi! Opo kowe kabeh wuto? Opo kowe nunggu anakmu dewe gilirane?!”

Siji-siji warga mulai komat-kamit. Eling anak e. Eling tangga e sing ilang.

Kaji Slamet panik. “MUKTI! METUO!”

Blarrr! Tanah neng ngarep balai desa njeblug. Genderuwo Mukti metu, gedene sak omah, matane abang, nggereng. Warga langsung buyar, njerit, obor-obor ceblok.

“Nyingkiro kabeh!” Genderuwo Mukti mbengok, suarane koyo guntur. “Urusan kandang ora urusanmu! Sopo wani nyenggol Kaji, tak pangan sisan!”

Rendi maju. Cap gosong neng sikile malah adem. Kalung Wulan neng tangane panas. Foto Aisyah neng tangan sijine ngetokke cahya biru tipis.

“Kowe,” Rendi nunjuk Genderuwo. “Kowe janjeni aku neng kuburan. Jaremu kon nggowo bukti neng Dinda. Saiki aku nggowo. Kowe arep mbelo sopo? Mbelo Kaji sing mateni kowe biyen, opo mbelo aku sing arep mutus kontrak?”

Genderuwo Mukti meneng. Irung e ngembang, ngendus. Ngendus kalung Wulan, ngendus foto Aisyah. Matane abang ndelok Rendi, terus ndelok Kaji Slamet.

Kaji Slamet gugup. “Mukti! Ojo lali! Aku sing nguripi kowe! Aku sing njamin kowe ora keluwen! Nek aku mati, kowe balik dadi setan gembel neng kuburan!”

Genderuwo Mukti nyengir. Gigine kuning. “Bener, Ji. Tapi aku luwih seneng merdeka. Ketimbang dadi asu penjaga mu.”

Buggg! Genderuwo Mukti nampol Kaji Slamet. Kaji Slamet mabur, ngantem wit nangka. Krak! Balunge koyone tugel. Arit e ceblok.

Warga sing maune mlayu, mandek. Ndelok.

Genderuwo Mukti nengok ke Rendi. “Ngomongo, Le. Piye carane mateni Buto Amuk?”

Rendi kaget. Genderuwo iki jebule dendam karo Kaji Slamet.

“Menyan kebalik,” Rendi jawab cepet. “Obong kandange pas babi turu. Nyeluk jeneng asline: Buto Amuk. Nek kandang kobong, kontrak e kobong. Buto Amuk balik neng asale.”

“Terus babine piye?” Pak Warto takon.

“Babine...” Rendi ndelok foto Aisyah. Mata biru. “Sing matane menungso, iku arwahe tumbal. Nek kandang kobong, arwahe bebas. Muleh. Sing matane abang... iku wis dadi demit. Melu kobong.”

Genderuwo Mukti ngangguk. “Pinter kowe, Le. Tapi eling. Ngobong kandang pas purnama, Buto Amuk metu wujud asline. Gede sak wit klopo. Kowe wani?”

Rendi ngguyu. Pait. “Uripku wis tak toto neng kandang, Mbah. Wani ora wani, kudu.”

“Sesok bengi,” Genderuwo Mukti ngomong. “Jam 12 pas purnama neng nduwur sirah. Aku bukak lawang kandang. Kowe mlebu. Nggowo menyan. Nggowo obor. Aku nahan Kaji Slamet. Tapi Buto Amuk... urusanmu dewe.”

Dia nengok ke warga. “Rungokno! Sesok bengi, sopo wae ora usah metu omah! Tutup lawang! Tutup cendelo! Macakno ayat Kursi! Nek krungu gamelan soko kandang, sumbat kupingmu! Nek ora, melu dadi babi!”

Warga manut-manut, podo mlayu mulih. Wedi.

Kaji Slamet ngesot, tangane nyekel dodo. Untu e getih. “Mukti... asu... khianat kowe...”

“Khianat?” Genderuwo Mukti nyekik Kaji Slamet, diangkat. “Kowe sing khianat, Ji! Jaman urip, aku mbok kon nyolong emas kontrakmu. Konangan, aku mbok gantung! Jaremu ‘ben rahasia aman’. Saiki rasakno!”

Brak! Kaji Slamet dibanting. Klepek-klepek.

Genderuwo Mukti nengok Rendi. “Eling, Le. Menyan kebalik. Jeneng asline. Nek kowe mati, aku tak kabur neng Gunung Kawi. Nek kowe urip... deso iki bebas.”

Blar! Dia mlebu bumi lagi. Ninggal bolongan.

Hening.

Rendi nyedak Kaji Slamet. Wong tuwo iku batuk getih. Matane wis ora abang. Sayu. Tuo.

“Pak...” Rendi jongkok. “Aisyah neng kandang. Nunggu bapak.”

Kaji Slamet nangis. Tenanan. Banyu mata tuwo. “Aisyah... ngapura bapak, Nduk... bapak khilaf...”

“Dinda ngerti durung, Pak?”

Kaji Slamet geleng lemah. “Ojo ngomong... ojo... ben Dinda urip... ben ora...”

“Wis telat, Pak,” Rendi ngadeg. “Sesok purnama. Kontrak entek. Dinda opo aku, sing dadi tumbal terakhir.”

Dia ninggalke Kaji Slamet klepek-klepek neng lemah. Pak Warto nyusul.

“Mas, terus piye? Menyan kebalik kuwi opo?”

Rendi ngelap kringet. “Menyan sing biasane diadepke nduwur pas ngobong, iki dibalik. Diadepke ngisor. Lambange mbalikke mantra. Mbatalke perjanjian.”

“Terus obor?”

“Ngobong kandang, Pak. Ngobong Buto Amuk.”

Pak Warto ngguyu getir. “Gendeng tenan kowe, Mas. Tapi... aku melu.”

“Ora usah, Pak. Iki urusanku.”

“Urusanmu?” Pak Warto nunjuk cap gosong neng sikil Rendi. “Cap kuwi artine kowe wis dadi ‘sajen mlaku’. Buto Amuk bakal nguber kowe sampe mati. Nek kowe mati, sopo sing nulung Dinda? Sopo sing nguburke Wulan kuwi anakku?”

Rendi meneng. Bener.

Langit Karangasem wis sore. Mega abang. Kayak getih. Purnama sesok bengi. Jam 12.

Di kandang, suara ngok... ngok... mandek. Ganti suara gamelan. Pelan. Sayup. Miwiti.

Ngelem. Ngundang.

Buto Amuk luwe.

1
anggita
mulai horor👻
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!