DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Mbah Kromo Sing Ora tuo
15 TAHUN KENANGAN.
Tulisan areng neng papan kayu neng ngarep Laras ketok abang, teles.
Laras - adike Danan - lungguh anteng neng kursi kayu cilik tengah pasar. Klambine isih klambi sing dipakai pas pamit golek jamur, tapi saiki resik banget, koyo baru diumbah. Rambute dikuncir dua rapi. Nanging mripate kosong. Nyawang Danan tapi koyo ora kenal.
"Kang Danan... tuku aku..." Laras ngomong maneh, swarane datar, koyo kaset rusak diulang-ulang.
Neng sekeliling lapak, bakul-bakul liyane mandek. Kabeh rai burem nyawang Danan. Penasaran. Bakul sing adol layangan pedot, bakul sing adol jam tangan karatan, kabeh meneng.
Cahyo narik lengen Danan kenceng. "Ojo, Nan! 15 tahun kenangan kuwi akeh banget! Kowe bakal lali kabeh! Lali ibumu, lali bapakmu, lali aku! Kowe bakal dadi kosong!"
Danan napase ngos-ngosan. 15 tahun. Umur Laras saiki 14 tahun. Berarti nek dia bayar, dia bakal lali dari umur dia 12 tahun pas minggat dari desa, sampai sekarang umur 24. Dia bakal lali kenapa dia bali. Dia bakal lali Laras.
Neng tengah kebingungan, bakul neng mburi Laras ngadek.
Dudu bakul biasa. Wong wedok tuwo, rambut putih diikat, gendong bakul jamu. Mbah Kromo.
Tapi Mbah Kromo iki bedo karo Mbah Kromo sing mau sirahe muter 180 derajat. Mbah Kromo iki resik, mripate bening, nggowo tongkat kayu asem.
"Mbah..." Danan lirih.
Mbah Kromo asli nyawang papan rega kuwi, terus ngelus sirahe Laras. Laras tetep meneng, kosong.
"Lar larang men, Le," Mbah Kromo ngomong, swarane serak tapi alus. "Bocah iki isih anyar, isih seger. Alas seneng sing anyar-anyar."
"Jenengan Mbah Kromo tenanan?" Cahyo takon, waspada.
Mbah Kromo ngguyu. "Aku Mbah Kromo. Sing mau neng ngarep omahmu kuwi Mbah Kromo sing dipinjam. Alas iso nyilih rai, Le. Nyilih suworo."
Mbah Kromo njupuk kembang kantil putih soko bakul jamune, diselehke neng nduwur sirahe Laras. Kembang kantil kuwi langsung garing, ireng.
"Kenapa Laras didol neng kene, Mbah?" Danan takon, suarane meh nangis.
"Mergo Laras mlebu alas ora ijin, Le. Jam 5 sore liwat. Alas ngarani kui maling. Dadi disita. Neng kene, kabeh sing nyolong wektune alas, bakal didol. Nek keluargane ora nebus, bakal dadi bakul neng kene selawase."
Cahyo ndengkul, "Sama kayak aku, Mbah?"
Mbah Kromo nyawang betis Cahyo sing ono oyote. "Kowe pinter, Cahyo. Kowe biyen tuku banyu, mbayar nganggo jeneng ibumu. Saiki kowe lali ibumu sopo to?"
Cahyo meneng. Mripate abang.
Mbah Kromo nyawang Danan maneh. "Kowe arep nebus adimu, Le? 15 tahun kenangan. Akeh. Kowe bakal lali kenapa kowe sayang karo adimu. Kowe bakal lali omahmu. Tapi adimu bali."
Danan nggenggam rambut Laras sing mau ditemu neng pinggir alas. "Ono cara liyo ora, Mbah? Ojo kenanganku. Njupuk opo wae, Mbah. Njupuk nyawaku setengah."
Mbah Kromo geleng. "Pasar ora butuh nyowo, Le. Pasar butuh crito. Kenangan kuwi crito. Alas luwe crito."
Suasana pasar tambah rame. Bakul-bakul mulai bengok-bengok nawar.
"TUKU! TUKU! TUKU!"
Laras mulai nangis. Pelan-pelan. Banyune bening, tapi pas netes neng lemah, dadi kembang kantil cilik-cilik.
"Tulung aku, Kang..." Laras ngomong, swarane asli, ora koyo kaset rusak mau. "Aku wedi... neng kene peteng..."
Danan ora tahan. Dia maju.
"Aku tuku!"
Cahyo njerit, "DANAN GOBLOK!"
Mbah Kromo ngangkat tangan. "Sabar. Bocah iki arep mbayar nganggo opo?"
Danan nutup mata. Ngeling-eling.
12 tahun di perantauan. Kerja di bengkel Purwodadi. Ngekos. Pacaran pertama. Putus. Bapaknya meninggal, dia ora bali. Ibunya nangis di telepon tiap lebaran.
Kabeh kenangan neng kutha.
"Aku mbayar nganggo 12 tahunku neng perantauan, Mbah. Soko pas aku minggat umur 12 sampai saiki. 12 tahun. Sisane 3 tahun, aku ganti nganggo..."
Danan mbukak mata, nyawang Cahyo.
"3 tahun kenanganku karo Cahyo pas cilik. Pas mbolos, pas adus kali, pas tukaran layangan. Aku ikhlas."
Cahyo langsung nangis. "Asu! Kowe lali aku, Nan! Kowe bakal lali aku sopo!"
"Ora popo, Yo. Penting Laras bali. Kowe kan wes lali ibumu, saiki aku nyusul lali kowe. Impas."
Mbah Kromo meneng suwe. Terus mesem.
"Pinter. Kowe pinter nawar, Le. Alas seneng wong pinter nawar."
Mbah Kromo njupuk bakul jamune, ngobrak-abrik isine. Metu botol kaca cilik isine banyu bening.
"Banyu lali. Ngombe. Kowe bakal lali."
Danan arep njupuk botol kuwi, tapi ditahan Mbah Kromo.
"Entenono. Kowe ngombe, kowe lali. Tapi ono siji sing ora oleh lali. Jeneng aslimu. Dananjaya Prawiro Utomo. Nek kowe lali kuwi, kowe ora iso metu soko pasar. Kowe bakal dadi bakul."
Danan manthuk. Tangane tremor njupuk botol.
Neng mburine, Laras ngadek. Mripate wes ora kosong. Kebak banyu.
"Kang... ojo..."
Danan ngombe banyu kuwi sak tegukan.
Rasane adem, koyo ngombe embun.
Seketika, sirahe ngelu banter. Koyo dipukul palu.
Gambar-gambar ilang.
Bengkel... Bos bengkel sing galak... Kos-kosan cat biru... Cah wedok sing tau disayangi... Cahyo sing tukaran layangan... Kali sing bening...
Ilang. Kabeh ilang. Putih.
Danan tiba ndengkul. Mripate kosong.
Neng ngarepe, Laras njerit.
"KANG DANAN!"
Cahyo mlayu nyekel Danan. "Nan! Nan! Eling aku ora? Aku Cahyo!"
Danan nyawang Cahyo. Kosong. "Sopo... kowe sopo?"
Mbah Kromo ngguyu pelan. Terus njupuk papan rega neng ngarep Laras, dipecah dadi loro.
"Lunas. Bocah wedok iki bebas."
Laras langsung mlayu ngrangkul Danan. Nangis banter neng dadane Danan.
Tapi Danan meneng. Ora ngrangkul balik. Mergo dia lali. Dia lali sopo sing ngrangkul dia.
Neng tangane Danan, rambut Laras sing mau digenggam isih ono. Tapi saiki rambut kuwi malih dadi rambut putih. Rambute Mbah Kromo.
Mbah Kromo sing asli wes ora ono. Neng panggonane ngadek, mung ono bakul jamu kosong, kebak oyot.
Swara Mbah Kromo keprungu soko njero bakul, alus.
"Danan... saiki giliranmu dadi bakul... tunggu pembeli sabanjure..."
Pasar Alas Jam Lima bubar. Lampu-lampu teplok mati siji-siji.
Cahyo gendong Danan sing semaput, Laras digandeng. Mlayu metu soko tengah alas.
Neng mburi, bakul jamu kosong mau ngikuti, mlayu dewe, tanpa wong sing gendong.