NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Pawon Mati Sedetik

Lorong neng ngisor sumur abang ireng. Panas. Mambu kayu kobong.

Neng ujung lorong, ono tungku gede. Tungku ne soko watu ireng, gede ne sak kamar. Neng njero tungku, geni abang ireng murup, gede, suarane koyo wong ngorok.

Neng ngarep tungku, ngadek wong tuwo. Jenggot putih dawa, klambi putih, tongkat kayu jati, sorban putih. Persis koyo lukisan Ki Ageng Tengah Alas sing neng omah Mbah Kromo.

Wong tuwo kuwi mesem neng Danan.

"Danan... keturunan ku... akhirnya kowe bali..."

Danan nggenggam kunci kayu soko dodo Kromo Wijoyo kenceng, karo kendi ireng jeneng e sing retak.

"Kowe Ki Ageng?" Danan takon, atine deg-degan.

Wong tuwo kuwi manthuk. "Aku Ki Ageng. Aku sing babat alas iki 100 tahun lalu. Aku sing gawe pawon sing ora tau mati neng omahmu."

Danan meh maju, tapi mandek.

Neng mata wong tuwo kuwi, mripate ora putih. Mripate ireng kabeh, koyo bocah-bocah neng pasar alas.

Kunci kayu neng tangan Danan panas. Koyo ngingetke.

Danan eling omongan Kromo Wijoyo mau: "Mbah Alas nyilih rai Ki Ageng 100 tahun."

"Kowe dudu Ki Ageng. Kowe Mbah Alas."

Wong tuwo kuwi ngguyu. Ngguyu ne banter, swara ne dadi loro, lanang wedok campur.

Hahahaha... pinter... keturunan Ki Ageng pinter...

Wajah Ki Ageng luntur, koyo topeng lilin leleh. Neng mburi topeng, ono wajah asli.

Wajah soko oyot wit ringin, mripate abang loro, untu ne soko kayu, jenggot e soko akar.

Mbah Alas.

"Danan... gowo kunci ku... bukak tungku ku... aku kademen 100 tahun neng ngisor..."

Mbah Alas ngulungke tangan oyot e.

Danan mundur. "Geni pawon neng omahku mati mergo kowe nyedot! Balekke!"

Mbah Alas ngguyu. "Geni neng omahmu kui geniku! Geni soko awakku! Ki Ageng nyolong geniku 100 tahun lalu kanggo ngurung aku! Saiki aku njupuk balik!"

Mbah Alas nuding tungku gede abang ireng neng mburi ne.

Neng njero tungku gede, Danan weruh geni kuning abang cilik, kejepit neng tengah geni abang ireng. Geni kuning abang kuwi geni pawon asli, geni soko Masjid Demak, sing ora tau mati.

Geni asli dikurung geni palsu abang ireng.

Danan ngerti. Nek geni kuning abang kuwi mati, kendi ireng jeneng Danan pecah, desa dadi pasar selawase.

Danan mlayu nuju tungku.

Mbah Alas bengok, tangan oyot e dawa, nyekel sikile Danan.

Danan tiba. Kunci kayu soko dodo Kromo Wijoyo tiba, muter, mlebu neng ngisor tungku.

Kendi ireng neng tangan Danan retak tambah gede.

Ctak! Ctak!

Soko retakan kendi, metu asap ireng. Asap e mlebu neng irung Danan.

Danan sesak. Pandangane peteng.

Neng peteng, Danan weruh bayangan Ibu Sarmi.

"Danan... eling... pawon mati sedetik wae... kowe bakal dadi wit... koyo Ibu..."

Danan nggenggam kembang kantil putih titipan Ibu sing isih neng sak e.

Danan nyelehke kembang kantil putih neng retakan kendi ireng e.

Kembang kantil putih langsung kobong. Kobong putih, ora abang.

Geni putih soko kembang Ibu.

Geni putih kuwi nyebar neng tangan oyot Mbah Alas sing nyekel sikile Danan.

Tangan oyot kobong putih.

Mbah Alas jerit kesakitan. Jeritan alas 100 tahun.

Danan ngesot, njupuk kunci kayu neng ngisor tungku.

Kunci kayu kuwi pas neng bolongan kunci neng pinggir tungku gede.

Danan muter kunci.

Krek... krek...

Tungku gede mbukak.

Soko njero tungku, geni kuning abang cilik, geni pawon asli, metu, mumbul.

Geni kuning abang langsung nyerang geni abang ireng. Gelut.

Neng nduwur sumur, neng omah gedhek ijo, pawon sing mati mau tiba-tiba murup meneh. Cilik, tapi murup.

Cahyo bengok soko nduwur sumur, "NAN! GENI PAWON MURUP MENEH!"

Mbah Alas neng ngisor sumur ngamuk. Awak oyot e kobong geni putih lan geni kuning abang.

"Aku... ora... bakal... kalah... 100 tahun..."

Mbah Alas nyoba nyekel Danan maneh.

Danan ngangkat kendi ireng e sing retak, dipecahke neng tungku gede.

Brak!

Kendi pecah.

Soko njero kendi pecah, metu cahyo putih gede, metu jeneng Dananjaya Prawiro Utomo ditulis nganggo cahyo.

Cahyo jeneng Danan mlebu neng geni kuning abang.

Geni kuning abang tambah gede. Mangan geni abang ireng.

Mbah Alas kobong.

Neng detik terakhir, Mbah Alas mesem, suarane bali koyo Ki Ageng asli.

"Matur nuwun... Danan... aku bebas... aku dudu Mbah Alas... aku Ki Ageng sing dikurung Mbah Alas 100 tahun..."

Wujud Mbah Alas luntur, malih dadi Ki Ageng asli, wong tuwo ayu, mesem, terus ilang dadi awu putih.

Geni abang ireng ilang. Tinggal geni kuning abang asli, anget, murup anteng neng tungku asli.

Tungku asli neng ngisor sumur madangi lorong.

Neng dinding lorong, kurungan-kurungan bocah sing durung ditebus mau kebukak kabeh dewe.

Bocah-bocah metu, mlayu nuju Danan, ngrangkul.

Laras cilik, Joko, Cahyo cilik, Sutarno, Wagiman, Sri...

Kabeh bebas.

Danan gendong Laras cilik, tuntun bocah-bocah munggah neng sumur.

Neng nduwur, Cahyo, Mbah Kromo sing wes dadi wit ringin cilik, lan warga desa do nunggu.

Pas Danan metu soko sumur, gendong Laras cilik, warga sorak.

Geni pawon neng omah gedhek ijo murup gede, madangi sak desa.

Kendi ireng neng ngisor tungku asli wes ilang, dadi awu.

Tapi neng pinggir pawon neng omah gedhek ijo, muncul kendi anyar, kendi putih, cilik, tulisan e:

DANANJAYA - JURU KUNCI BARU - 2026

Mbah Alas wes kalah. Tapi pawon mati sedetik mau ninggal jejak.

Neng tengkuk Danan, saiki ono cap anyar. Cap kembang kantil, tapi warna ne putih. Cap juru kunci.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!