NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Lawang Ning Duwur Sumur

Tok....!!!!!

Swara kelopak kembang kantil rontok tiba neng nduwur lawang kayu neng dasar sumur.

Danan sing lungguh neng pawon langsung ngadek.

Laras sing mau nggowo selimut langsung narik tangan Danan. "Kang, ojo! Mbah Kromo ngomong lawang kuwi dilarang dibuka!"

Danan nyawang sumur mburi omah soko jendela pawon. Sumur sing mau banyune bening, saiki banyune muter pelan-pelan, koyo ono sing ngaduk soko ngisor.

Neng dasar sumur sing jerone 10 meter, lawang kayu cilik sing tulisan e DILARANG BUKA - SING NJOGO TURU mau goyang-goyang dewe.

Tok... tok... tok... lawang kuwi diketok soko njero.

Cahyo sing lagi neng omah e, teko mlayu gowo senter. "Nan! Aku krungu swara soko sumurmu!"

Mbah Kromo juga teko, ambekane ngos-ngosan, nggowo tongkat. "Ojo dibukak! Kuwi lawang lumbung lawas! Lumbung sing luwih tuwo soko lumbung sing mau kobong!"

"Lumbung opo meneh, Mbah?" Danan takon.

Mbah Kromo lungguh, napas abot. "Lumbung sing digowo Ki Ageng pas pertama babat alas 100 tahun lalu. Neng njero lumbung kuwi, dudu kendi jeneng. Isine... sing njogo sing asli."

Angin bengi mendadak mandek. Jangkrik meneng.

Soko njero sumur, swara ketokan mandek. Ganti swara bocah nangis. Akeh.

Nangis e bocah-bocah sing mau neng kendi-kendi sing pecah neng lumbung. Tapi swara nangis kali iki soko ngisor lawang kuwi.

"Kang Danan... bukak... aku kademen..."

Swara Joko. Anak e Pak RT.

Padahal Joko mau wes digendong Pak RT bali neng omah, slamet.

Danan nyorot sumur nganggo senter.

Banyu sumur sing bening mau saiki ireng meneh. Neng permukaan banyu, ngambang rambut. Rambut dawa ireng.

Rambute Joko.

Laras njerit, "Joko ilang meneh!"

Cahyo langsung mudunke timba sumur. Timba diulurne neng dasar sumur, arep nggayut lawang kuwi.

Begitu timba nyentuh lawang kayu neng dasar sumur, lawang kuwi mbukak dewe.

Brak!

Soko njero lawang sing mbukak, metu hawa adhem banget. Hawa ne mambu lemah teles sing 100 tahun ora kena angin.

Soko njero lawang, metu cahyo abang tipis.

Neng njero cahyo abang kuwi, ketok tangga watu mudun maneh. Mudun luwih jero soko sumur.

Mbah Kromo njerit, "Tutup! Tutup sumur e!"

Telat.

Tangan cilik metu soko njero lawang. Tangan bocah, ireng, kuku ne dawa. Nyekel bibir sumur.

Siji... loro... telu... pitu tangan bocah metu bareng, nyekel pinggir sumur.

Bocah-bocah sing durung ditebus. Bocah-bocah sing kendi ne ora ono neng lumbung sing mau kobong, mergo lumbung e bedo.

Cahyo narik timba. "Munggah! Kowe kabeh munggah!"

Danan nyekel tangan Mbah Kromo. "Mbah, neng njero lawang kuwi opo?"

Mbah Kromo nangis. "Neng njero kuwi... sing njogo sing asli sing turu. Sing njogo sing dipenjara Ki Ageng 100 tahun lalu neng ngisor sumur, ben deso iso urip. Lumbung sing mau kobong kuwi mung lumbung palsu, lumbung tumbal. Lumbung asli neng ngisor lawang iki. Nek lawang iki kebukak, sing njogo tangi..."

Lawang neng dasar sumur mbukak tambah ombo. Cahyo abang tambah padang.

Soko njero lawang, keprungu swara wong tuwo ngorok, tangi turu.

Hoo... sopo sing wani mbukak lawangku...

Sumur geter. Banyu sumur mumbul duwur.

Wit kantil cilik sing tuwuh soko Ibu Sarmi neng pinggir sumur, godong e rontok kabeh kena angin soko njero sumur.

Neng pawon, geni sing ora tau mati mau kedip-kedip. Kendi ireng jeneng Danan neng pinggir tungku retak sitik.

Ctak!

Retakan cilik neng kendi.

Danan nyekel kendi ne, atine jedag-jedug.

Neng njero sumur, bocah-bocah tangan ireng mau mudun meneh, mlebu neng lawang, koyo wedi karo sing arep tangi.

Sing keri mung siji bocah. Bocah wedok, rambut dikuncir dua, nggowo boneka.

Laras cilik umur 5 tahun.

Laras cilik nyawang Danan soko njero sumur, mesem.

"Kang... ojo lali aku... lawang e ojo ditutup... Ibu neng kene..."

Laras cilik mlebu neng lawang abang kuwi, ilang.

Lawang neng dasar sumur nutup dewe, banter. Brak!

Banyu sumur bali bening. Sepi.

Neng bibir sumur, tinggal bekas tangan bocah ireng pitu, bekas teles.

Mbah Kromo ndengkul, lemes.

"Wes telat, Le. Sing njogo wes tangi. Sesuk Jumat Kliwon, pasar alas ora buka neng tengah alas meneh. Pasar e bakal buka neng kene... neng mburi omahmu... neng sumurmu..."

Danan nyawang pawon. Geni sing ora tau mati mau saiki warnane malih dadi abang ireng, ora kuning abang koyo mau.

Neng geni, ketok bayangan anyar. Dudu Ki Ageng, dudu Ibu, dudu Mbok Min.

Bayangan duwur, ireng, mripate abang loro, nyawang Danan.

Bayangan sing njogo sing asli.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!