DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Kabut Jam 5 esuk
Kabute Desa Tengah Alas bedo.
Dudu kabut biasa sing putih tipis. Iki kabut teles, abot, mambu godong bosok. Nemplek neng kulit.
"Yo! Maksudmu opo?!" Danan mbengok, tapi suarane Cahyo wes ketelan kabut.
Cahyo mlaku terus. Jaket gunung lunture ketok ngilang-nilang neng njero putih.
Danan ora ono pilihan liyo. Nyusul.
Langkah pertama mlebu alas, hawane langsung mudun 10 derajat. Swara jangkrik ilang. Sing keprungu mung swara sikile dewe ngidak pakis teles, kresek... kresek...
Senter putih sing digowo Cahyo mung padang sak meter ngarepe tok. Liyane peteng.
"Cahyo, alon-alon!" Danan nyoba nyusul.
Cahyo mandek. Ora noleh.
"Kowe kelingan dalan neng omahmu ora, Nan?" takone lirih.
"Yo kelingan to. Ngetan terus, liwat kali cilik, terus ngidul. Omahku sing gedhek ijo."
"Saiki kali ne wes ora ono," Cahyo jawab. "Alas sing nggowo."
Danan arep protes, tapi Cahyo wes mbukak dalan anyar. Dalan sing ora tau ono. Wit-witan gedhe di sigrak, ninggalke bekas getah anyar.
Sepuluh menit mlaku, Danan sadar. Lha iki dudu dalan neng omah Cahyo maneh. Iki dalan neng omah e dewe.
Omah gedhek ijo sing wes 12 tahun ora dienggoni.
Saka kadohan ketok. Masih ngadek. Cat ijo ne wes ngelotok, genteng akeh sing ilang. Tapi...
Neng duwur genteng, ono kebul tipis.
Kebul pawon.
Jantung Danan jedug banter. Pawon urip.
"Ora mungkin..." Danan mlayu. Ora peduli karo aturan ojo mlayu neng njero alas.
Cahyo bengok, "Danan! Ojo mlayu!"
Danan ora nggugu.
Lawang ngarep omah mbukak sitik. Kayu ne ngik-ngik. Danan ndorong.
Ambu apek langsung nyampluk irung. Ambu jangan lodeh. Masakan ibunya.
Neng pawon mburi, geni kayu iseh murup. Panci aluminium ireng neng duwure umup alon. Danan nyedak.
Isine jangan lodeh nangka. Persis kesenengane Laras.
Neng samping panci, ono piring seng. Isine sego anget. Isih kebul.
"Laras? Bu?!" Danan bengok, suarane serak. "Sopo neng omah?!"
Sepi. Mung suworo banyu umup blubuk-blubuk.
Neng meja pawon sing reget, ono sandal jepit cilik warna pink. Sandal Laras. Sing dipamerke wingi pas tuku neng pasar Tegowanu. Tulisane iseh anyar.
Teles, kebak lendut.
Danan njupuk sandal kuwi. Adem.
"Nek Laras neng kene, nandi cah e?" batine.
Soko mburi, Cahyo teko ngos-ngosan. Raine pucet.
"Tak omongi ojo mlayu to, Nan!" Cahyo narik tangane Danan metu saka pawon. "Kowe ora weruh?"
"Weruh opo? Pawon urip, Yo! Berarti Laras neng kene! Ibu masak!"
"Dudu ibumu sing masak!" Cahyo mbisik banter, mripate mlotot nyawang panci. "Neng Tengah Alas, nek ono omah kosong terus pawone murup dewe, kui tandane omah kuwi wes dienggo! Dienggo sing nunggu!"
Koyo disaut, geni neng pawon mau mak byar gedhe dewe. Panci jangan lodeh mau tibo, kuah e wutah neng lantai lemah. Ambune langsung ganti. Dudu lodeh. Mambu bacin, koyo banyu got.
Danan mundur.
Neng lantai sing wutah kuah mau, ketok bekas sikil. Bekas sikil cilik, teles, mlaku saka pawon mlebu neng kamar tengah.
Kamar Laras.
Cahyo langsung mateni sentere. "Patinen!"
"Lho ngopo?"
"Ojo gowo lampu! Aturan nomer siji kelingan? Ojo gowo lampu abang. Lah sentermu putih, tapi nek padang banget neng njero omah sing wes dienggo, sing nunggu dadi ngerti kowe neng kene!"
Peteng. Mung cahya saka geni pawon sing murup-murup.
Saka kamar Laras, keprungu swara. Swara sendok ngaduk piring. Ting... ting...
Cahyo nyekel tangan Danan kenceng sampe kuku ne nancep.
"Rungokno. Siji, ojo gowo lampu. Loro, ojo noleh nek diundang. Saiki nomer telu arep kedadean."
Neng tembok gedhek, bayangan ketok. Bayangan wong wedok lungguh neng meja, rambute dawa nutupi rai, lagi mangan. Bayangane dawa banget, sirahe nyundul langit-langit.
Bayangan kuwi noleh. Alon-alon.
Danan pengen bengok, tapi Cahyo nutup lambene nganggo tangan sing mambu rokok.
Neng njobo omah, ujug-ujug rame. Swara wong akeh mlaku ngliwati ngarep omah. Swara sandal jepit, swara wong geret karung, swara cah cilik ngguyu cekikikan koyo neng ngimpi wingi bengi.
"Pasar," Cahyo bisik neng kuping Danan. "Pasar alas. Jam 5 esuk pasar e buka. Ojo metu. Nek kowe metu, kowe bakal ketarik dadi bakule."
Bayangan neng tembok mau ngadek. Dawa ne ora lumrah. Tangan e nganti tekan lantai.
Terus mlaku metu saka kamar Laras, nuju pawon. Nuju Danan.
Danan merem. Jantung arep copot.
Sak detik, sak detik...
Sepi.
Danan mbukak mata alon-alon.
Pawon mati. Genine mati total koyo disiram banyu. Panci ilang. Piring sego ilang. Bekas sikil teles ilang. Sing ono mung awu adhem.
Nanging neng meja pawon, sandale Laras iseh ono. Saiki sandale loro, jejer rapi. Neng duwure sandal, ono barang anyar.
Kembang kantil putih. Isih seger. Teles embun.
Cahyo ngos-ngosan, keringet e deres.
"Kembang kantil... berarti..." Cahyo ngomong dewe, lirih. "Dia njaluk kowe mlebu luwih jeru, Nan."
Danan njupuk kembang kantil kuwi. Adem e aneh, koyo es.
"Ndi? Ndi Laras?"
Cahyo nyawang neng njobo jendela pawon. Neng kadohan, neng tengah kabut sing rodok tipis, ketok lampu-lampu kuning remang-remang.
Desa. Desa liyo.
Desa sing persis podo karo Desa Tengah Alas, omah gedhek ijo jejer-jejer, tapi sepi. Ora ono swara pitik, ora ono swara motor. Mung lampu-lampu kuning.
Desa kembaran.
Cahyo narik kerah Danan.
"Eling aturan nomer telu, Nan?"
Danan kelingan. Nek kowe weruh deso iki maneh neng njero alas... deso sing persis podo karo deso iki, tapi sepi ora ono wong... ojo mlebu. Mlayu.
Nanging neng tengah desa kembaran kuwi, neng ngarep omah gedhek ijo kembaran, ono wong wedok cilik ngadek.
Rambut dikuncir dua.
Laras.
Nggawe klambi sing terakhir dipakai pas pamit golek jamur.
Laras ngangkat tangan, ngajak Danan.
"Kang Danan..."
Cahyo mbisik, suarane meh nangis.
"Ojo, Nan. Nek kowe mlebu, kowe ora iso bali neng deso sing asli. Kowe bakal kejebak neng kono selawase. Kayak aku..."
Danan noleh kaget.
"Wes tau tak omongi to... aku kudu mbalekke kowe neng nggonmu sing sakbenere. Mergo aku dewe... wes ora tau iso bali."
Baru Danan sadar. Cahyo sing neng ngarepe saiki sikile ora napak lemah. Ngambang sak jengkal.