DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Balik Ning Omah Sing Ora di Akoni
Bus di jurusan Purwodadi - Tegowanu itu rodok aneh. Bau solar campur kretek, ac-nya mati, dan sopirnya nyetel dangdut koplo kenceng pol.
Danan ngelirik jam. Jam 4 sore. Langit wes mulai mendung.
"Wes tekan ndi to iki?" batine.
Dua belas tahun dia ora balik. Bukan karena benci, tapi karena tiap kali nyebut nama desanya di perantauan, orang tuanya langsung diem. Ibunya cuma bilang, "Desa Tengah Alas kuwi ora usah dieling-eling, Nan. Anggep wae ora tau ono."
Tapi wingi bengi, ibunya nangis di telepon. Adike, Laras, hilang. Terakhir pamit mau golek jamur neng pinggir alas. Sampai sekarang ora bali.
Kenek ora, Danan kudu balik.
Bus berhenti di perempatan yang dia kenal. Dulu di sini ada warung Mbok Min. Saiki warunge wes tutup, kayune lapuk.
Danan turun, nyeret ransel. Udara langsung beda. Adem, teles, mambu lemah teles.
"Dan... Danan?"
Danan noleh.
Neng pos ronda, ono wong lanang lungguh ngrokok. Kulite ireng mergo panas, jaket gunung luntur. Rambute gondrong ora karuan.
"Cahyo?"
Wong itu ngadek. Senyume iseh podo, gigine ono sing gingsul.
"Jan... tenan kowe, Nan. Tak kiro sopo."
Cahyo, konco cilike. Konco mbolos, konco adus kali, konco tukaran mergo layangan pedot.
Loro-lorone pelukan, canggung. Wes rolas tahun ora ketemu.
"Kowe tambah lemu saiki yo? Urip neng kutha enak ketoke," Cahyo ngguyu.
"Enak ndasmu. Aku balik mergo Laras ilang, Yo. Kowe krungu?"
Senyume Cahyo langsung ilang.
Krungu, Danan weruh raine Cahyo berubah. Ora kaget, tapi koyo... wedi.
"Ayo, ngobrol neng omahku wae. Neng kene ora penak," Cahyo narik tangane Danan.
Omah Cahyo iseh papan kayu, lampu ne kuning remang-remang. Ibune Cahyo ora ono, jarene wes pindah neng deso ngisor tahun wingi.
"Nganu, Nan... Laras kuwi dudu ilang biasa," Cahyo nyeduh kopi ireng, tangane rodok tremor. "Bocah-bocah saiki do nekat. Wong tuwo wes ngomong, ojo pisan-pisan mlebu alas nek wes jam 5 sore. Ora digugu."
"Lha terus hubungane opo karo Laras? Dia cuma golek jamur to?"
Cahyo nyawang jendela. Njobo, alas ketok ireng, gede banget koyo tembok.
"Neng Tengah Alas iki ono aturane dewe, Nan. Aturan sing ora ditulis. Kowe iseh kelingan Mbah Jono to sing ilang pas kowe cilik?"
Danan kelingan. Mbah Jono, tukang kayu. Ditemukke seminggu kemudian neng tengah alas, matane melot, lambene nyengir tapi ora nyawane wes ora ono.
"Wong-wong ngarani Alas kuwi nggowo nyowo. Jaluk tumbal. Saben 10 tahun sepisan," Cahyo ngedhemke suarane. "Lan saiki... wese wancine."
Danan ngelu. "Yo, Yo, ojo ngomong ngawur. Iki 2026, ora usah mistis-mistisan. Paling Laras kesasar, to. Sesuk isuk dewe golek bareng-bareng karo warga. Gowo senter, gowo peluit."
Cahyo nyawang Danan koyo nyawang bocah cilik sing ngeyel.
"Kowe lali, Nan? Kowe dewe tau diundang."
Danan kaku.
Waktu umur 8 tahun, Danan pernah main petak umpet neng pinggir alas karo Cahyo. Terus krungu suworo alus ngundang jenenge, "Danan... Reneo..."
Dia melaku mlebu sitik. Cahyo sing narik, bengok-bengok nangis. Sakwise kuwi Danan panas seminggu.
"Kowe iseh dieling-eling, to?" Cahyo takon.
Jantung Danan deg-degan.
Wengi kuwi, pas Danan arep turu neng kamar tamu omah Cahyo, kedadean.
Jam 11 bengi. Listrik byar-pet. Udan deres.
Danan tangi mergo krungu suworo.
Suworo bocah wedok nangis. Alus.
"Kang Danan... tulung aku..."
Laras.
Danan langsung njumbul, mbukak jendela. Njobo peteng dedet, mung ketok udan. Ora ono sopo-sopo.
"Kowe krungu ora, Yo?" Danan mbengok nggugah Cahyo sing turu neng ngarep.
Cahyo tangi, mripate abang. Dia ora takon krungu opo. Dia langsung nutup jendela rapet, ngunci.
"Ojo dijawab! Ojo pisan-pisan dijawab, Danan! Kowe pengen mati?!" Cahyo bisik, suarane serak.
"Wong kuwi Laras, Yo! Adiku!"
"Dudu! Dudu Laras kuwi! Neng alas kene, suworo iso niru! Kowe jawab, kowe bakal dijemput!"
Neng njobo jendela, suworo nangis mau ganti ngguyu. Guyu cekikikan bocah cilik, tapi dawa.
Cahyo nyekel pundak Danan kenceng.
"Rungokno aku. Sesuk isuk, jam 5 isuk, dewe mlebu. Aku ngerti dalane. Tapi ono telu sing ora oleh kowe langgar, janji yo?"
Danan manthuk, napase ngos-ngosan.
"Siji, ojo gowo lampu abang utowo senter abang. Gowo senter putih tok. Loro, nek neng tengah dalan kowe krungu jenengmu diundang, ojo noleh. Ojo babar blas. Telu..."
Cahyo mandek, ngulu idu.
"Telu, nek kowe weruh deso iki maneh neng njero alas... deso sing persis podo karo deso iki, tapi sepi ora ono wong... ojo mlebu. Mlayu. Mlayu sak banter-bantermu. Paham?"
Danan ora paham blas. Tapi merindinge tekan gulu.
Neng njobo, suworo guyu mau wes ilang. Ganti suworo liyane. Suworo wong akeh mlaku neng ndhuwur genteng. Padahal omah Cahyo mung lantai siji.
Cahyo njupuk garam kasar seko pawon, disebar neng ngarep lawang lan jendela.
"Turua wae, Nan. Sesuk bakal dawa."
Danan turu ora iso. Neng sirahe mung ono siji pitakonan: Kenapa Cahyo koyo apal banget karo alas kuwi? Koyo... dia wes tau dadi bagian e.
Esuk jam 5, Danan lan Cahyo ngadek neng pinggir alas. Kabut tebel. Senter putih neng tangan.
Langkah pertama mlebu alas, Danan krungu Cahyo ngomong lirih, hampir ora keprungu.
"Sepurane, Nan. Aku kudu mbalekke kowe neng nggonmu sing sakbenere."
Danan noleh, "Maksudmu opo, Yo?"
Cahyo ora jawab. Dia wes mlaku duluan mlebu kabut.
---