NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:713
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Lumbung Sesajen

"Kang... ojo lali aku..."

Laras cilik umur 5 tahun ngadek neng pinggir alas. Nggowo boneka kain butut. Mesem. Mripate kosong.

Danan mandek. Jantungnya jedag-jedug.

"Laras?" Danan bisik.

Laras cilik mau ora jawab. Dia muter balik, mlaku mlebu alas. Boneka ne keseret lemah.

"Kang, ojo diwarakke! Kuwi jebakan!" Cahyo narik tangan Danan.

Tapi Danan wes kadung ngikuti. Kaki ne mlaku dewe.

Neng mburi Laras cilik, barisan bocah-bocah ilang liyane ngikuti. Akeh. Paling ngarep Cahyo cilik umur 10 tahun, nggowo layangan pedot. Mburi Cahyo ono Joko, anak Pak RT sing baru ilang mau sore, nangis.

Kabeh bocah mlaku baris, nuju tengah alas. Nuju wit ringin kembar.

Cahyo nggeret Danan. "Nan, eling! Kowe wes bayar kenanganmu! Bocah-bocah kuwi dudu Laras! Kuwi wujud kenanganmu sing neng sumur! Alas nganggo kenanganmu kanggo mancing kowe!"

Danan nutup mata. Genggam korek abadi kenceng. Geni cilik abang neng korek kuwi anget neng tangan.

"Dananjaya Prawiro Utomo!" Danan mbengok jeneng asline dewe, banter.

Barisan bocah-bocah ilang kuwi bubar. Ilang koyo asap.

Neng ngarep, wit ringin kembar ketok. Gede banget. Wit e loro, oyot e nggandeng koyo wong gandengan tangan. Neng tengah-tengah gandengan oyot kuwi, ono lawang kayu cilik neng lemah. Lawang neng lemah, kaya tutup lumbung.

Neng nduwur lawang kayu kuwi, ono tulisan ukiran jowo kuno:

LUMBUNG JANJI - 1926

100 tahun lalu. Pas Mbah buyut Ki Ageng gawe janji karo alas.

Neng sekitar lumbung, pasar alas Jumat Kliwon lagi buka gede-gedean. Lampu teplok warna-warni, tenda akeh, bakul-bakul rai burem rame nawar. Neng tengah pasar, ono panggung kayu. Neng panggung ono bocah lanang cilik lungguh, nangis. Joko.

Neng ngarep Joko, ono bakul gedhe duwur, sirahe ditutup kain ireng. Bakul agung. Sing nunggu alas.

Bakul agung ngangkat tangan. "Sopo sing arep tuku bocah iki? Bocah resik! 10 tahun! Rego murah! 5 tahun kenangan!"

Bakul-bakul liyane bengok, nawar.

Danan mlayu arep neng panggung. Cahyo nahan.

"Ojo! Kowe mlayu neng pasar saiki, kowe bakal ditangkap jadi barang dagangan juga!"

Danan nyawang korek abadi neng tangane. "Lumbung e kudu diobong disek, Yo. Nek lumbung kobong, pasar bubar."

Cahyo manthuk. "Ayo."

Loro-lorone ngesot ngedeki lawang kayu neng lemah mau. Lawang e abot, kayu jati lawas, dikunci rante wesi karatan.

Danan nyumet rante wesi kuwi nganggo korek abadi.

Cesss! Rante wesi kuwi langsung leleh koyo lilin. Geni abadi emang panas e ora wajar.

Lawang kayu kebukak.

Soko njero lawang, metu hawa bacin. Mambu kertas bosok, getih garing, lan kembang kantil busuk.

Neng njero lumbung, tanggane mudun. Peteng.

Cahyo nyorot senter. "Aku mudun disek."

Cahyo mudun. Danan ngikuti.

Neng njero lumbung, pemandangane nggawe Danan meh muntah.

Lumbung kuwi ombo, koyo lapangan bal. Neng dinding-dinding e, ono rak-rak kayu. Neng rak-rak kuwi, ono kendi-kendi. Kendi tanah liat, cilik-cilik, atusan.

Neng saben kendi, ono jeneng ditulis nganggo areng, plus tahun.

Danan nyorot kendi siji-siji.

SUTARNO - 1936

WAGIMAN - 1946

SRI - 1956

...

CAHYO - 2016 - 1 JENENG IBU

Danan nyawang Cahyo. Cahyo nangis. Njupuk kendi ne dewe.

"Jeneng ibuku, Nan... neng njero kene..."

Danan lanjut nyorot.

Larasati Ayu Sekar Melati - 2026 - 15 TAHUN

Kendi ne Laras. Isih teles, anyar.

Neng sebelah kendi Laras, ono kendi sing paling gede, neng tengah-tengah lumbung, neng nduwur altar watu.

SARMI - 2026 - SEPARO NYOWO + WIT KANTIL

Kendi ne Ibu Danan.

Neng sebelah kendi Ibu, ono kendi kosong, tutup e mbukak, tulisan e:

JOKO - 2026 - URUNG DIBAYAR

Joko, bocah sing neng panggung pasar neng nduwur mau.

Danan ngerti. Nek kendi Joko keisi, Joko bakal dadi koyo Laras, dicap, didol.

"Obong, Nan! Obong saiki!" Cahyo bengok.

Danan ngangkat korek abadi. Genine cilik, tapi abang e nyala-nyala.

Danan nyumet rak kayu paling cedak.

Rak kayu langsung kobong. Geni abadi cepet banget nyebar. Koyo bensin disumet.

Wusss!

Kendi-kendi tanah liat pada pecah kena panas. Prak! Prak!

Soko njero kendi-kendi sing pecah, metu asap putih. Asap e mubeng-mubeng neng lumbung, terus metu soko lawang nduwur, munggah neng langit-langit alas.

Neng njero asap putih kuwi, keprungu swara bocah-bocah ngguyu. Bebas.

Swara Cahyo cilik, "Ibu... aku eling Ibu..."

Swara Laras cilik, "Kang Danan..."

Swara Ibu, "Danan..."

Danan nangis. Elingane sing mau ilang 15 tahun, balik siji-siji koyo film diputer cepet.

Bengkel... Bos galak... Kos biru... Cahyo tukaran layangan... Ibune nembang...

Eling kabeh.

Neng nduwur lumbung, pasar alas geger. Bakul-bakul jerit. Pasar kobong.

Bakul agung neng panggung njerit banter, swara ne lanang wedok campur.

"GENI ABADI! GENI ABADI! JANJI PEDOT!"

Joko neng panggung langsung tiba, semaput.

Cahyo mlayu munggah tangga, gendong Joko.

Danan isih neng njero lumbung, nyawang kendi Ibune sing isih utuh, ora kobong. Kendi paling gede mau ora mempan geni.

Danan njupuk kendi kuwi. Abot.

Neng tutup kendi, ono kembang kantil seger, putih, sing mau dititip Ibu neng sumur.

Danan mbukak tutup kendi.

Soko njero kendi, ora ono asap. Ono cahyo putih alus. Terus metu swara.

Swara Ibu asli, anget.

"Danan... matur nuwun, Le... Ibu bebas..."

Cahyo neng nduwur lawang bengok, "NAN! LUMBUNG E AREP AMBRUK! METU!"

Lumbung oyag. Rak-rak kayu do ambruk.

Danan mlayu munggah, gowo kendi Ibu.

Begitu Danan metu soko lawang kayu, lawang kuwi nutup dewe, Brak! Terus lemah neng sekitar wit ringin kembar ambles.

Wit ringin kembar sing 100 tahun ngadek, ambruk. Gedebag! Oyot e pedot kabeh.

Pasar alas neng sekitar ilang total. Lampu teplok mati kabeh. Bakul-bakul rai burem ilang. Tinggal alas peteng biasa, sepi.

Neng tengah-tengah bekas pasar, Joko tangi, nangis, ngrangkul Cahyo.

Cahyo nangis juga. "Ibu... aku eling... Ibuku jenenge Sulastri..."

Danan ndengkul, nyekel kendi Ibu. Neng njero kendi, cahyo putih mau malih dadi kembang kantil putih, seger banget. Kembang e mekar, neng tengah-tengah ono rambut ireng, rambute Ibu.

Neng kadohan, soko arah desa, keprungu adzan subuh.

Jam 5 esuk.

Kabut ilang.

Neng arah desa, ketok lampu-lampu omah do murup. Warga do metu soko omah, gowo obor, nyedeki alas, nyeluk-nyeluk.

"Danan! Cahyo! Joko!"

Laras neng ngarep dewe, mlayu, tengkuk e cap kembang kantil e wes ilang, ora ngebul meneh. Mlayu ngrangkul Danan.

"Kang!"

Danan ngrangkul Laras balik. Elingane wes bali kabeh.

Neng tangane Danan, kembang kantil soko kendi Ibu mau rontok, kelopak e tiba neng lemah. Soko bekas kelopak tiba, tuwuh wit kantil cilik, seger.

Neng wit kantil cilik kuwi, ono tulisan neng godong e, koyo diukir:

Janji pedot. Alas turu.

Mbah Kromo teko, nyawang wit ringin kembar sing ambruk, nangis haru.

"Wes rampung, Le... Desa Tengah Alas bebas..."

Neng mburi Mbah Kromo, Pak RT gendong Joko.

Tapi Danan nyawang mburi Pak RT.

Neng pinggir wit ringin kembar sing ambruk, ono bayangan ireng duwur sing mau neng pawon, ngadek, nyawang Danan.

Bayangan kuwi ora nesu. Malah manthuk alon, koyo matur nuwun. Terus ilang, mlebu lemah.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!