DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Bocah Ngguyu Neng Nduwur Genteng
Warung Mbok Min neng perempatan ketok soko kadohan. Lampune teplok kuning murup goyang-goyang kena angin. Padahal pas Danan mudun bus wingi sore, warung kuwi lapuk peteng, tutup.
"Mbok Min kan wes mati to, Yo? 5 tahun lalu?" Laras takon lirih, sikile isih gemeter bar kejadian wit kantil.
Cahyo manthuk. "Mati. Pas banjir bandang. Mayite ora ketemu. Warunge ditinggalke ngono wae."
Tapi lampu teplok kuwi murup tenan. Neng njero warung ketok bayangan wong wedok lemu ngadek, nggoreng opo ngono.
Danan nggenggam kembang kantil seger titipan Ibune. "Ibu nyuruh golek Mbok Min. Berarti Mbok Min isih neng kono. Ayo."
Loro-lorone mlaku neng tengah sawah peteng, nyebrang perempatan. Jam 7 bengi. Desa Tengah Alas sepi total, ora ono warga siji pun. Kabeh lawang tutup rapet.
Tekan ngarep warung, ambu gorengan langsung nyampluk. Ambu tempe goreng, tahu, lan kopi ireng.
Mbok Min ngadek neng pawon cilik warung. Awak lemu, rambut digelung, nggowo celemek kembang-kembang. Persis koyo sing Danan eling pas cilik.
Mbok Min nyawang Danan, mesem.
"Danan... Laras... Cahyo... Wes suwe ora mampir, Le. Ayo mlebu."
Swara ne Mbok Min normal. Ora koyo Mbah Kromo sing dipinjam alas. Swara ne anget.
Danan, Laras, Cahyo mlebu, lungguh neng dingklik kayu.
Mbok Min nyedak, nyodorin 3 piring seng. Isine sego anget, jangan lodeh, tempe goreng. Persis piring neng omah gedhek ijo mau.
"Mangan disek, Le. Kowe luwe."
Laras lapar, langsung arep nyomot tempe.
Cahyo nahan tangan Laras. "Ojo!"
Cahyo nyawang Mbok Min. "Mbok, jenengan... Mbok Min tenanan?"
Mbok Min ngguyu. "Lha piye to, Le? Mbok Min tenanan lah. Mbok Min kan ora tau ninggalke warung."
Terus Mbok Min nyawang Danan. Mripate mandek neng kembang kantil seger neng tangan Danan.
"Kembang soko sumur yo, Le? Ibukmu titip?"
Danan kaget. "Mbok ngerti Ibuku?"
Mbok Min lungguh. Ngelus-elus celemek e.
"Ibukmu, Sarmi, kuwi konco kenthelku. Sakdurunge ilang neng sumur, Ibu nitip pesan neng aku. Jarene nek Danan bali, kon nggoleki aku neng warung."
"Pesane opo, Mbok?" Laras takon.
Mbok Min ora langsung jawab. Dia malah nyawang nduwur genteng warung e.
Genteng warung Mbok Min soko asbes. Neng nduwure, keprungu swara.
Swara bocah cilik ngguyu cekikikan. Hihihihi...
Terus swara bocah mlaku neng nduwur genteng. Pletak... pletek... pletek... mlaku muter-muter.
Laras merinding. "Opo kuwi, Mbok?"
Mbok Min nyeduh kopi ireng, tangane rodok tremor. "Sing nunggu warung, Nduk. Bocah-bocah sing tuku neng pasar alas tapi ora iso mbayar. Dadi ditinggal neng nduwur genteng."
Swara ngguyu mau tambah banter. Saiki ora siji, tapi akeh. Bocah akeh ngguyu bareng neng nduwur genteng. Genteng asbes e geter-geter.
Hihihihi... Hahahaha...
Danan nyawang nduwur. Neng sela-sela asbes sing bolong, ketok mata-mata cilik ngintip mudun. Mata ireng kabeh, ora ono putih e.
Cahyo langsung njupuk garam kasar soko meja warung Mbok Min, disebar neng sekeliling dingklik mereka.
"Diam!" Cahyo mbengok neng nduwur.
Swara ngguyu meneng sedetik, terus ganti nangis. Nangis bocah akeh bareng-bareng. Jerit.
Mbok Min nutup kuping. "Wes biasa, Le. Jam segini pasar bubar, bocah-bocah sing ora payu bali neng kene. Nggolek warung sing lampune murup."
Mbok Min nyawang Danan serius.
"Pesan Ibukmu, Le. Ibukmu ngomong, nek kowe pengen ngusir Alas soko deso iki, kowe kudu ngobong jantung e alas. Jantung e ono neng ngisor wit ringin kembar neng tengah alas. Neng kono ono lumbung. Lumbung sesajen."
"Lumbung sesajen?" Danan takon.
"Lumbung sing isine dudu pari, Le. Isine kenangan-kenangan sing ditukarke warga neng pasar. Kabeh ditumpuk neng kono. Termasuk kenanganmu 15 tahun mau."
Danan nggenggam meja. "Terus carane ngobong?"
"Nggo geni soko pawon sing ora tau mati. Pawon neng omahmu, Nan. Pawon sing mau murup dewe. Geni kuwi geni abadi soko jaman Mbah buyut. Alas wedi karo geni kuwi."
Neng nduwur genteng, swara nangis bocah mau ganti ngamuk. Genteng asbes dibanting-banting. Brag! Brag!
Siji genteng tiba, pecah neng ngarep warung. Pecahane mental neng kaki Laras.
Laras njerit.
Soko bolongan genteng sing pecah, mudun rambut. Rambut dawa ireng, teles, mudun alon-alon koyo ular, nuju sirahe Laras.
Mbok Min cepet, njupuk centong kayu, digepuk rambut kuwi. Pletak!
Rambut kuwi jerit! Jeritan bocah wedok. Terus munggah maneh neng nduwur genteng.
"Metu! Kowe kabeh metu soko warungku!" Mbok Min bengok, suarane berubah dadi serak, gede.
Mbok Min ngadek, awak e tiba-tiba duwur, sirahe meh nyundul genteng. Mripate abang.
Bocah-bocah neng nduwur genteng meneng, wedi.
Mbok Min nyawang Danan, suarane bali alus.
"Danan, Le... Mbok Min ora iso suwe. Alas wes ngerti Mbok Min ngomong karo kowe. Saiki Mbok Min kudu bali neng sumur maneh. Kembang kantil sing neng tanganmu, gowoen. Iku kuncine lumbung."
Awak e Mbok Min mulai luntur, koyo asap.
"Eling, Le... Ojo gowo Laras neng tengah alas. Laras wes tau didol, neng awak e ono cap e pasar. Nek digowo mlebu meneh, Laras ora iso metu..."
Mbok Min ilang. Ilang total. Tinggal celemek kembang-kembang e tiba neng lantai.
Warung Mbok Min langsung peteng. Lampu teplok mati. Gorengan neng piring seng malih dadi watu-watu kali. Sego malih dadi pasir.
Neng nduwur genteng, bocah-bocah mau ngguyu banter. Puas.
Cahyo narik Danan lan Laras metu soko warung. Mlayu.
Neng mburi, warung Mbok Min ambruk dewe. Gedebag! Kayu lapuk e ambyar.
Neng bekas warung ambruk, mung ono celemek kembang-kembang mau, isih anget.
Neng sak e celemek, ono korek kayu. Korek kayu jadul, tulisan e: Pawon Abadi - Omah Gedhek Ijo
Danan nyalake korek kayu kuwi. Geni cilik murup, abang, ora mati kena angin.
Geni soko pawon sing ora tau mati.
Soko kadohan, soko tengah alas, keprungu kentongan ditabuh banter.
Tok... Tok... Tok... Tok...
Tanda bahaya. Warga nabuh kentongan.
Cahyo nyawang tengah alas. "Ono sing mlebu alas maneh, Nan. Ono warga sing ilang meneh."
Laras nangis neng pundak Danan. "Kang... aku wedi... neng awakku ono cap e pasar... cap e neng ndi, Kang?"
Danan nyawang geger Laras.
Neng tengkuk Laras, neng kulit e, ono cap abang, bentuk e koyo kembang kantil. Cap e isih anget, ngebul tipis.