DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
PASAR ALAS BUKA LAGI
Cap kembang kantil putih neng tengkuk Danan anget. Ora panas koyo cap pasar, tapi anget koyo ditempel koin anget.
Laras cilik umur 5 tahun sing digendong Danan nyekel cap kuwi. "Kang, cap e apik, putih..."
Cahyo nyawang cap kuwi, kaget. "Cap juru kunci, Nan. Kayak Mbah Kromo... eh, Kromo Wijoyo mau."
Neng pinggir sumur, wit ringin cilik sing mau ne Mbah Kromo - Kromo Wijoyo - saiki godong e ijo seger. Neng wit kuwi ono tulisan neng kulit e: KROMO WIJoyo - KUNCI LAWAS - TUGAS RAMPUNG.
Warga desa do ngumpul neng mburi omah gedhek ijo. Gowo obor. Pak RT gendong Joko sing baru diselametke Danan soko kurungan ngisor sumur.
Pak RT nangis, "Matur nuwun, Danan... anakku bali..."
Warga liyane do ngrangkul anak-anak e sing mau ilang, Sutarno, Wagiman, Sri, bocah-bocah tumbal 100 tahun.
Desa rame, koyo riyoyo.
Tapi neng pawon omah gedhek ijo, geni sing ora tau mati sing baru murup mau kok warnane aneh. Geni kuning abang, tapi neng tengah geni ono titik ireng cilik. Titik ireng muter-muter, ora ilang.
Mbah Kromo versi wit ringin ngomong, suarane soko angin, "Ati-ati, Le... geni ne isih kotor... Mbah Alas ninggal wiji neng geni..."
Belum rampung ngomong, soko njero sumur mburi omah, keprungu bedug ditabuh maneh.
Dug... dug... dug...
Gamelan nabuh lagi.
Tapi gamelan kali iki bedo. Nada ne cepet, rame, koyo gamelan pasar malem, dudu gamelan mistis.
Soko njero sumur sing banyune bening mau, metu asap warna-warni. Abang, ijo, kuning. Asap e mambu sate, mambu gorengan, mambu kembang.
Laras cilik takon, "Kang, mambu sate..."
Cahyo ngendus. "Iyo, mambu sate ayam..."
Warga sing ngumpul neng mburi omah do ngendus juga.
Pak RT ngomong, "Lho, ono sing bakaran sate neng alas?"
Soko njero sumur, lawang kayu DILARANG BUKA sing mau nutup rapet, kebukak maneh, pelan.
Neng mburi lawang, dudu lorong abang ireng meneh. Neng mburi lawang, ono pasar. Pasar rame, lampu warna-warni, tenda-tenda.
Tapi pasar kali iki rame tenanan. Sing dodol dudu bakul rai burem. Sing dodol... warga desa dewe.
Mbok Min, bakul jamu sing mati 10 tahun lalu, ngadek neng lapak jamu, ngguyu, nawar: "Jamu... jamu kuat..."
Pak Lurah sing mati 20 tahun lalu, dodol beras.
Bocah-bocah tumbal sing baru bebas mau, Sutarno, Wagiman, malah bali neng pasar, dodol layangan.
Mbah Alas wes mati, tapi pasare isih buka. Pasar e buka dewe.
Mbah Kromo wit ringin bengok soko angin, "Pasar Alas buka lagi! Tapi sing dodol saiki dudu demit! Sing dodol arwah warga sing tau mati neng desa iki! Mereka kejebak neng pasar!"
Danan nyawang pasar neng njero sumur. Pasar e ombo, nembus alas, tekan sawah-sawah.
Warga desa sing ngumpul neng mburi omah, siji-siji koyo kesirep. Mripate kosong, mlaku nuju sumur, arep mlebu pasar.
Pak RT mlaku paling ngarep, nggowo dompet. "Aku arep tuku beras... murah..."
Joko narik bapak e, "Pak, ojo!"
Danan ngerti. Pasar Alas sing anyar iki narik warga. Nek warga mlebu pasar, bakal kejebak dadi bakul selawase, koyo Mbok Min.
Danan mlayu neng ngarep sumur, ngalang.
"Ojo mlebu! Kabeh ojo mlebu sumur! Kuwi pasar setan!"
Tapi warga ora krungu. Kuping e ketutup gamelan.
Laras cilik nangis, "Kang, ibu-ibu arep mlebu sumur!"
Danan nyawang pawon. Geni sing ora tau mati sing ono titik ireng neng tengah e mau.
Titik ireng kuwi wiji ne Mbah Alas.
Danan kelingan omongan Ibu Sarmi: "Nek wit kantil ditebang, Ibu mati."
Danan kelingan wit kantil cilik neng pinggir sumur, wit jantung e Ibu.
Danan njupuk kembang kantil putih soko wit kuwi, siji, terus dibakar neng geni pawon.
Kembang kantil putih kobong, geni pawon sing ono titik ireng mau langsung cesss! padam titik ireng e.
Geni pawon bali kuning abang murni, padang banget, madangi sak mburi omah.
Cahyo ne geni pawon nembus sumur.
Begitu cahyo geni pawon kena pasar neng njero sumur, pasar e bubar.
Bakul-bakul arwah warga, Mbok Min, Pak Lurah, Sutarno, ilang. Lampu warna-warni mati.
Pasar Alas buka lagi, tapi langsung tutup mergo geni pawon.
Warga desa sing mau kesirep, tiba-tiba sadar. Pak RT kaget, "Lho, aku neng ndi?"
Gamelan mandek.
Lawang kayu neng dasar sumur nutup dewe, banter. Brak! Terus dikunci soko njero, nganggo kunci kayu sing mau dipake Danan.
Neng kunci kayu kuwi, saiki ono tulisan anyar, muncul dewe, ditulis nganggo getih putih:
PASAR TUTUP - BUKA MANEH JUMAT KLIWON DEPAN - SING JAGA DANAN
Danan ndengkul, kesel.
Neng tengkuk e, cap kembang kantil putih e panas, terus ilang, malih dadi tato putih permanen.
Tato juru kunci baru.
Neng pawon, kendi putih cilik sing tulisan e DANANJAYA - JURU KUNCI BARU - 2026 mau murup, metu cahyo.
Soko njero kendi putih, metu swara. Swara Ki Ageng asli.
"Danan... tugasmu... saben Jumat Kliwon, kowe kudu njogo pasar... ben ora buka neng njobo... ben bukane neng njero sumur wae... kowe dadi satpam pasar..."
Danan nangis, ngguyu, kesel.
Laras cilik ngrangkul Danan. "Kang, kowe satpam pasar setan saiki?"
Cahyo ngguyu. "Satpam pasar alas! Seragam e opo, Nan?"
Neng langit, rembulan purnama. Jam 12 bengi. Jumat Kliwon.
Jumat Kliwon depan, pasar bakal buka maneh. Tapi sing jaga Danan.
Neng njero sumur, soko celah lawang sing nutup, metu karcis cilik, karcis kertas, tiba neng tangan Danan.
Karcis e tulisan e: KARCIS MASUK PASAR ALAS - 1 JIWA - GRATIS JUMAT KLIWON