NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Kembang Kanthil Garing

Bayangan ireng neng pojok pawon kuwi ora obah. Duuwur, sirahe nyundul usuk. Tangane dawa, driji ne cilik-cilik koyo oyot, nuding sumur mburi omah.

Danan, Cahyo, lan Laras neng njobo isih ndengkul, ambekane ngos-ngosan.

"Kuwi opo meneh, Yo?" Laras bisik, wedi.

Cahyo raine pucet pasi. "Sing nunggu omah... Sing mbaturi omahmu, Nan. Aku tau krungu soko Mbah Kromo, saben omah neng Tengah Alas ono sing njogo. Nek sing njogo nesu, penghunine ilang."

Bayangan ireng mau pelan-pelan ngilang. Koyo asap kesedot angin. Ninggalke ambu kembang kantil garing sing menyengat.

Neng lantai pawon, neng panggon bayangan mau ngadek, ono bekas. Bekas teles, bentuk sikil gede banget, driji ne enem. Ora koyo sikil menungso.

Danan nyoba ngadek. Sirahe isih mumet. Elingane balik secuil-secuil. Eling Laras, eling Cahyo sitik, tapi 12 tahun neng perantauan isih putih kosong.

"Kang, kowe ora popo?" Laras ngrangkul.

Danan manthuk. Neng tangane, kembang kantil garing ireng sing mau soko pasar isih digenggam. Mau ne teles embun, saiki garing krenyes, rapuh.

"Kembang iki..." Danan ngomong lirih. "Kok garing, Nduk?"

Cahyo njupuk kembang kuwi soko tangan Danan. Diusap.

Begitu diusap, kembang garing kuwi ambyar dadi bubuk ireng. Soko njero bubuk, metu kertas cilik lecek, dilipet dadi cilik.

Cahyo mbukak kertas kuwi.

Tulisane nganggo pulpen biru, tulisan tangan wedok, alus, geter-geter:

Danan, Laras - Ojo bali neng omah gedhek ijo. Ibu ninggalke kembang iki neng ngisor pawon. Nek kembang e garing, berarti Ibu wes ora ono. Sumur mburi ojo dibukak. - Ibu

Tangan Laras nutup mulut. Nangis.

"Ibu... Ibu nulis iki kapan, Mas Cahyo?"

Cahyo nyawang tanggal neng pojok kertas. 12/10/2026. Loro dino sakdurunge Laras ilang. Pas Ibu Danan telpon nangis-nangis.

Danan njupuk kertas kuwi, diremet-remet. "Ibu neng ndi, Nduk? Jarene Ibu neng perantauan karo Bapak to? Bapak wes mati, Ibu neng ndi?"

Laras geleng, nangis. "Ibu pamit arep balik deso disek, Kang, seminggu sakdurunge aku ilang. Jarene arep resik-resik omah gedhek ijo. Terus ora bali. Makane aku golek jamur neng pinggir alas, arep golek Ibu..."

Cahyo langsung noleh neng sumur mburi omah sing tutup e rapet mau. "Berarti... Ibukmu..."

Danan mlayu neng mburi omah. Nyorot sumur nganggo senter putih.

Tutup kayu sumur sing mau nutup dewe, saiki ono rembesan banyu ireng metu soko sela-selane. Mambu bacin.

"Bukak!" Danan mbengok.

"JO! OJO DIBUKAK!" Cahyo narik.

Danan ora peduli. Dia congkel tutup kayu kuwi nganggo pacul sing ditinggal warga mau.

Brak! Tutup kayu mencelat.

Soko njero sumur, ora ono banyu. Sumur e asat.

Neng dasar sumur sing jerone 10 meter, dudu banyu. Neng dasar ono wit.

Wit kembang kantil. Wit e gede, oyot e nempel neng dinding bata sumur, godong e rimbun, kembang e putih akeh banget. Padahal sumur peteng, ora ono srengenge.

Neng tengah-tengah wit kantil kuwi, ono sing nyangkut.

Klambi daster batik. Batik coklat, motif parang. Klambine Ibu Danan. Sing dipakai pas terakhir Danan ketemu Ibu 12 tahun lalu.

Neng ngisore daster kuwi, ono sandal jepit wedok tuwo.

Lan neng duwure wit, neng cabang paling duwur, ono kembang kantil sing paling gede, putih, seger. Kembang e mekar, neng tengah-tengah kembang e ono rambut. Rambut putih, diikat.

Danan njerit, "IBUUU!!!"

Cahyo langsung nutup sumur meneh. "Tutup! Tutup! Ojo didelok!"

Laras semaput. Tiba neng lemah.

Danan nangis, ndengkul neng pinggir sumur. "Ibu dadi wit, Yo? Ibu dadi wit kantil?"

Cahyo lungguh neng sebelah Danan, napase abot. "Neng Tengah Alas, nek wong tuwo bali neng omah sing wes suwe kosong, terus pawone murup dewe... kui dudu Ibu sing bali, Nan. Kui Alas sing nyilih rai Ibu. Ibu sing asli... disimpen neng sumur. Dadi pupuk. Kanggo nandur kembang kantil. Kembang kantil kuwi sesajen e pasar."

Danan gebuk-gebuk tutup sumur. "Buka! Balekke Ibuku!"

Soko njero sumur sing wes ditutup, keprungu swara. Swara wedok alus, nembang.

Nembang lali. Nembang sing biasa ditembangke Ibune Danan pas Danan cilik ora iso turu.

Tak lelo lelo lelo ledung... anakku sing bagus rupane...

Danan meneng. Nangis e mandek. Mergo elingane sing mau ilang 15 tahun, sakwise krungu tembang kuwi, bali siji.

Elingane pas umur 5 tahun, turu neng pangkuan Ibu, Ibu nembang kuwi karo ngelus sirahe.

"Ibu..." Danan bisik.

Tembang soko sumur mandek. Ganti swara liyo.

Swara Mbah Kromo palsu mau, ngguyu cekikikan.

"Pinter... Ibukmu pinter nembang... Saiki giliranmu..."

Oyot-oyot soko sela-sela tutup sumur metu, cepet banget, ngiket tangan Danan.

Cahyo njupuk pacul, dibacokke oyot kuwi. Cras! Oyot pedot, metu getah abang.

Getih.

Sumur e njerit. Jeritan wong wedok akeh bareng.

Tutup sumur mbukak dewe, banter. Soko njero sumur, wit kantil mau tuwuh duwur, cepet banget, metu soko njero sumur, cabang-cabange nggowo kembang-kembang putih sing tiba-tiba mekar kabeh.

Neng tengah-tengah wit sing wes metu soko sumur, ono wujud wong wedok, rambut putih, daster batik, mesem neng Danan.

Ibu.

Tapi mripate ireng kabeh. Ora ono putih e.

"Danan... Laras... Reneo... Ibu kangen..."

Laras sing baru tangi soko semaput, langsung mlayu ngrangkul wit kuwi. "Ibu!"

Cahyo njerit, "LARAS OJO!"

Telat. Begitu Laras nyentuh wit, oyot-oyot langsung ngiket awak e Laras, narik munggah.

Laras nangis, "Kang! Tulung!"

Danan njupuk kembang kantil garing ireng sing mau ambyar neng pawon, sing isih ono bubuk e neng sak e. Dibuwak neng wit kantil kuwi.

Begitu bubuk ireng kembang garing kuwi nempel wit, wit kantil kuwi jerit. Jeritane Ibu.

Wit e layu cepet. Godong e garing. Kembang e rontok.

Wujud Ibu neng tengah wit kuwi ilang, malih dadi daster kosong sing tiba neng lemah.

Laras tiba, ditampani Cahyo.

Wit kantil kuwi garing total, dadi kayu mati, tiba neng njero sumur maneh. Gedebag!

Sumur sepi. Asat maneh. Tutup kayune nutup dewe, alon-alon.

Neng duwur tutup sumur, saiki ono kembang kantil seger siji, putih, gede.

Cahyo njupuk kembang kuwi, diselehke neng tangan Danan.

"Iki Ibukmu sing asli, Nan. Sing mau neng njero sumur kuwi sing dipinjam alas. Iki Ibukmu titip pesan terakhir."

Neng kelopak kembang kantil seger kuwi, ono tulisan cilik, koyo diukir nganggo kuku:

GOLEK O MBOK MIN - WARUNG POJOKAN

Warung Mbok Min sing wes tutup lapuk neng perempatan pas Danan mudun bus pertama kali.

Danan, Cahyo, lan Laras nyawang perempatan sing ketok soko kadohan. Warung lapuk kuwi saiki... lampune murup. Padahal mau ne mati.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!