NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:713
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Ibu Sing Dadi Wit (Full Flashback)

Geni pawon mati.

Kendi ireng neng pinggir tungku retak.

Ctak! Retakan e dowo, soko nduwur sampai ngisor.

Danan ndengkul neng ngarep pawon. Tangan e gemeter nyekel kendi ne.

Laras cilik umur 5 tahun sing baru diselametke soko ngisor sumur, ngrangkul sikile Danan. "Kang, pawon e kok mati?"

Cahyo lan Mbah Kromo meneng. Raine pucet.

Mbah Kromo bisik, "Geni mati... Mbah Alas ngambil geni ne..."

Neng njero pawon sing mati, ora ono awu. Ora ono arang. Kosong. Koyo geni ne disedot soko ngisor sumur.

Soko njero kendi ireng sing retak, metu asap putih. Asap e ora koyo mau, asap e wangi kembang kantil.

Asap e mubeng neng tengah pawon, malih dadi wujud wong wedok.

Ibu. Sarmi.

Tapi Ibu kali iki bedo. Ibu ora koyo mau sing mesem. Ibu nangis. Rambut e acul-aculan, daster batik e teles, kebak lemah.

Ibu nyawang Danan, nyawang Laras cilik.

"Danan... Laras... Ibu kangen..."

Danan nangis. "Bu... Ibu..."

Ibu lungguh neng ngarep pawon sing mati. Ngelus sirahe Laras cilik.

"12 tahun lalu, Bu... Ibu isih eling?"

Ibu manthuk. Terus cerita. Swarane pelan, koyo dongeng pengantar turu sing biasa ditembangke pas Danan cilik.

Flashback - 12 tahun lalu, 2014.

Ibu Sarmi umur 35 tahun. Bapak baru mati kecelakaan neng pabrik gula. Danan umur 15 tahun, minggat soko omah mergo tukaran karo Ibu, ora terima Bapak mati. Danan minggat neng Purwodadi, kerja neng bengkel.

Omah gedhek ijo kosong, mung Ibu karo Laras sing isih umur 2 tahun.

Desa Tengah Alas mulai aneh. Sumur-sumur asat. Sawah garing. Bocah-bocah sering ngimpi pasar alas.

Mbah Kromo teko neng omah.

"Sarmi, geni pawon ojo nganti mati, Nduk. Nek mati, Mbah Alas tangi. Mbah Alas njaluk tumbal."

Ibu wedi. Tiap bengi Ibu njogo pawon, ngisi kayu.

Sampai suatu bengi Jumat Kliwon, Laras cilik umur 2 tahun demam duwur. Panas e ora mudun-mudun. Ibu gendong Laras neng puskesmas, tapi puskesmas tutup, dokter e ilang, jare mlebu alas.

Ibu balik omah, nangis neng ngarep pawon.

Neng njero pawon, geni abadi mau kedip-kedip.

Soko njero geni, metu swara. Swara Mbah Alas.

"Sarmi... anakmu panas... aku iso mari... tapi aku njaluk ijol..."

Ibu takon, "Ijal opo?"

"Nyowomu separo... dadi wit neng sumur..."

Ibu meneng suwe. Nyawang Laras sing nangis panas neng pangkuan.

Ibu setuju.

Ibu nyemplungke tangan e neng geni pawon. Geni ora panas neng tangan Ibu, malah adhem.

Soko geni, metu oyot-oyot cilik, ngiket tangan Ibu, narik.

Laras sing umur 2 tahun langsung mari demam e. Langsung turu anteng.

Tapi Ibu mulai berubah.

Rambut e rontok. Kulit e garing. Kaki ne abot, koyo oyot.

Ibu mlayu neng sumur mburi omah. Nyemplung.

Neng njero sumur, Ibu ketemu Mbah Alas. Mbah Alas ngomong, "Kowe pinter, Sarmi. Kowe gelem dadi wit, ben anakmu urip."

Ibu nangis. "Anakku loro, Danan lan Laras, tolong jogo..."

Mbah Alas manthuk. "Anakmu tak jogo, tapi Danan kudu bali. Danan keturunan Ki Ageng. Danan sing kudu neruske njogo pawon."

Soko dina kuwi, Ibu dadi wit kantil neng njero sumur. Oyot e nempel neng dinding sumur, godong e rimbun, kembang e putih.

Saben bengi, Ibu ngintip soko sumur, nyawang Laras sing gede dewean neng omah gedhek ijo, tanpa Danan, tanpa Ibu.

Sampai 2026, Laras umur 14 tahun ilang neng pasar, Ibu ora iso nulungi mergo Ibu wes dadi wit.

Sampai Danan bali.

Balik neng saiki, neng pawon.

Ibu Sarmi sing dadi asap putih mau nangis neng ngarep Danan.

"Ibu dadi wit mergo Ibu sayang kowe berdua, Le. Ibu ora kuat ndelok Laras panas..."

Danan ngrangkul asap Ibu. Asap e anget.

"Bu... Ibu wes bebas saiki? Kendi ne Ibu wes pecah neng lumbung palsu..."

Ibu geleng. "Durung, Le. Wit e isih neng sumur. Awak e Ibu isih neng sumur. Asap iki mung separo nyowo Ibu. Separo liyane isih dadi wit."

Ibu nyawang sumur mburi omah.

"Wit kantil cilik sing tuwuh soko kelopak kembang Ibu mau... kui jantung e Ibu. Nek wit kuwi ditebang Mbah Alas, Ibu mati tenanan."

Cahyo sing neng mburi langsung mlayu neng sumur.

Wit kantil cilik sing mau tuwuh sedengkul neng pinggir sumur, saiki ono sing nyabut.

Tangan oyot gede soko njero sumur, nyekel wit kantil cilik kuwi, arep dijabut.

Cahyo njupuk pacul, dibacokke tangan oyot kuwi.

Prak!

Tangan oyot pedot. Wit kantil cilik selamat.

Ibu Sarmi mesem. "Matur nuwun, Cahyo."

Ibu nyawang Danan serius.

"Danan, geni pawon mati mergo Mbah Alas nyedot geni ne. Geni ne saiki neng ngisor sumur, neng lumbung asli. Kowe kudu mudun meneh, Le. Nggowo geni bali. Nek ora, kendi jenengmu pecah, kowe melu dadi wit koyo Ibu."

Laras cilik umur 5 tahun nangis, "Kang, ojo mudun meneh, Kang... neng ngisor peteng... ono Mbah Alas..."

Danan ngelus sirahe Laras cilik. "Kang kudu mudun, Nduk. Kanggo Ibu. Kanggo kowe."

Asap putih Ibu Sarmi mulai ilang, kesedot angin soko sumur.

"Ibu neng wit, Le... Ibu nunggu neng wit..."

Asap ilang total.

Neng pinggir sumur, wit kantil cilik mau mekar kembang e siji, putih, seger. Neng tengah kembang e, ono tetesan banyu. Banyune koyo eluh.

Danan njupuk kembang kuwi, diselehke neng nduwur kendi ireng e sing retak.

Begitu kembang nempel kendi, retakan kendi mandek, ora tambah gede.

Geni pawon sing mati mau, metu asap tipis soko tungku. Asap e mambu kantil.

Mbah Kromo ndengkul, nyekel tongkat e kenceng.

"Sesuk Jumat Kliwon, Le. Mbah Alas bakal buka pasar neng sumurmu. Pasar sing luwih gede soko pasar sing wingi. Nek kowe ora iso nguripke geni pawon sesuk bengi, desa iki bakal dadi pasar selawase."

Neng njero sumur, lawang kayu DILARANG BUKA sing mau nutup, saiki kebukak sitik meneh.

Soko njero lawang, metu swara gamelan. Gamelan pasar alas, nabuh banter.

Pasar arep buka.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!