NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Sumur Mburi Omah

Cahyo mlayu karo gendong Danan neng pundak. Laras neng mburine, sikile lecet-lecet, nangis ora mandek.

Neng mburi mereka, bakul jamu kosong sing mlaku dewe kuwi isih ngikuti. Kletek... kletek... kletek... swara bakul kayu neng lemah teles.

"Ayo cepet, Nduk! Ojo noleh mburi!" Cahyo bengok.

Laras ora wani noleh. Tapi dia krungu. Swara Mbah Kromo soko njero bakul mau ngguyu pelan.

"Dananjaya... Dananjaya... lali dalan bali..."

Danan neng pundak Cahyo meneng. Mripate kosong nyawang langit. Sesekali ngomong dewe, "Aku sopo... omahku neng ndi..."

Kabut neng tengah alas mulai nutup maneh. Pasar sing mau rame lampu teplok saiki wes ilang total. Dadi alas peteng biasa.

Sepuluh menit mlayu, mereka tekan pinggir alas. Ngarep omah gedhek ijo Danan.

Cahyo banting Danan neng bale bambu ngarep omah. Ambekane ngos-ngosan koyo asu.

Laras langsung ngrangkul Danan. "Kang Danan! Eling aku ora, Kang? Aku Laras!"

Danan nyawang Laras. Datar. Kosong. Terus nyawang tangane dewe. Neng tangane ono rambut putih. Rambute Mbah Kromo.

"Sopo kowe...?" Danan takon neng Laras. Suarane alus, koyo bocah cilik.

Laras nangis tambah banter. "Aku adimu, Kang! Laras!"

Cahyo njupuk banyu sumur soko ember neng ngarep omah, disiramke neng raine Danan. "Nan! Eling! Jeneng aslimu! Dananjaya Prawiro Utomo!"

Danan kaget keciprakan banyu. Mripate kedip-kedip. Terus ono kilatan eling sedetik.

"Dananjaya... Prawiro..." Danan ngomong lirih. "Ibuku... ngomong..."

Kilatan kuwi langsung ilang maneh. Balik kosong.

Cahyo gebuk lemah. "Asu! Banyu lali kuwi kuat tenan!"

Neng mburi omah, keprungu swara kletek... kletek... Bakul jamu kosong mau wes tekan latar mburi. Mandek neng pinggir sumur.

Sumur mburi omah Danan. Sumur tuwo, bata ne lumuten, tutup kayune wes lapuk.

Laras nyekel tangan Cahyo. "Mas Cahyo... sumur kuwi kok mbukak dewe?"

Tutup kayu sumur sing mau ne nutup rapet, saiki mbukak sitik. Soko njero sumur metu hawa adem banget, mambu banyu got campur kembang kantil busuk.

Soko njero sumur keprungu swara wong ngobrol. Akeh. Cilik gede, lanang wedok.

Cahyo nyedak alon-alon, gowo senter putih. Nyorot njero sumur.

Banyune sumur ireng, ora ketok dasar e. Neng permukaan banyu, ketok bayangan-bayangan.

Bayangan wong akeh neng njero banyu, ngadek, nyawang nduwur.

Cahyo langsung mundur. "Sumur Mburi Omah... Mbah Kromo tau ngomong... iki dudu sumur banyu... iki gudang e pasar..."

"Gudang?" Laras takon.

"Gudang kenangan, Nduk. Kabeh kenangan sing dibayar neng pasar, disimpen neng kene. Neng njero banyu."

Koyo ngerti diomongke, banyu sumur mau umup. Blubuk... blubuk...

Siji-siji bayangan neng njero banyu ngangkat kepala.

Sing pertama, bocah lanang cilik, nggowo layangan pedot. "Aku lali dolananku neng ndi..."

Sing kedua, wong wedok tuwo, nggowo jamu. "Aku lali jeneng anakku..."

Sing ketiga... Cahyo kaku.

Wong wedok ayu, rambut dawa, gendong bayi. Raine mirip Cahyo.

"Ibu...?" Cahyo bisik. Suarane pecah.

Wong wedok neng njero sumur kuwi mesem neng Cahyo. "Cahyo... kowe lali ibu to, Le? Ibu neng kene... adhem..."

Cahyo nangis. Dengkul e lemes. "Bu... Ibu... aku nggoleki Ibu neng endi-endi..."

Danan sing mau ne kosong, tiba-tiba ngadek. Mripate abang. Dia nyawang njero sumur.

Neng njero sumur, neng paling dasar, ono bayangan anyar sing lagi wae nyemplung.

Bayangan Danan dewe.

Bayangan Danan umur 12 tahun, nggowo ransel, mlayu metu soko deso. Bayangan Danan umur 18 tahun, kerja neng bengkel. Bayangan Danan umur 22 tahun, nangis neng kos-kosan.

Kabeh kenangan 15 tahun sing mau dibayar neng pasar, saiki ngambang neng njero sumur.

Laras njerit, "Kang Danan! Ojo nyawang! Nanti ketarik!"

Telat.

Tangan soko njero sumur metu. Tangan teles, ireng, kuku ne dawa. Nyekel sikile Danan.

Danan ketarik. Setengah badane wes mlebu sumur.

Cahyo langsung nyekel tangan Danan. "NAN! TAHAN!"

Laras nyekel Cahyo. Tarik-tarikan.

Soko njero sumur, swara Mbah Kromo palsu mau ngguyu banter.

"Kenangan wes dibayar, Le! Saiki ragane nyusul! Bakul anyar!"

Banyu sumur muter koyo pusaran. Oyot-oyot metu soko sela-sela bata sumur, ngiket sikile Danan, sikile Cahyo.

Cahyo ngerti ora bakal kuat. Dia ngrogoh sak e, njupuk korek gas.

"Sepurane, Nan!"

Cahyo nyumet korek, diuncekke neng bakul jamu kosong sing neng pinggir sumur. Bakul jamu sing soko pasar mau.

Bakule langsung murup. Geni gedhe.

Begitu bakul murup, banyu sumur njerit. Jeritane wong akeh bareng. Kabeh bayangan neng njero banyu bubar.

Tangan ireng sing nyekel Danan langsung lepas, gosong.

Danan ketarik metu, tiba neng lemah. Ambekane ngos-ngosan.

Sumur mburi omah kuwi umup banter, terus mak byur banyune munggah duwur, nyiram geni bakul jamu. Geni mati. Banyu balik ireng maneh. Sepi.

Tutup kayu sumur nutup dewe, banter. Brak!

Tinggal bekas teles neng lemah.

Cahyo lan Laras ngrangkul Danan.

Danan meneng. Terus... nangis. Pelan-pelan.

"Laras...?" Danan ngomong lirih.

Laras kaget. "Kang? Kowe eling?"

Danan nyawang Laras, mripate mulai bening sitik. "Sandalmu... pink... tuku neng Tegowanu..."

Eling e bali sitik-sitik. Ora kabeh. Tapi jeneng Laras bali.

Cahyo ngguyu kelegaan, nangis. "Alhamdulillah... banyu sumur mau mbalekke sitik kenanganmu, Nan. Mergo bakul e tak obong."

Neng njero omah gedhek ijo, pawon sing mau mati, saiki murup dewe. Pelan.

Soko jendela pawon, ketok bayangan wong wedok tuwo ngadek, nggowo piring.

Mbah Kromo asli. Mesem.

Nanging neng mburi Mbah Kromo, neng pojok pawon sing peteng, ono bayangan liyane sing luwih duwur, luwih ireng. Sirahe nyundul langit-langit.

Bayangan kuwi nyawang Danan. Terus ngangkat tangan, nuding sumur mburi omah.

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!