NovelToon NovelToon
DESO TENGAH ALAS

DESO TENGAH ALAS

Status: sedang berlangsung
Genre:Horor / Misteri
Popularitas:716
Nilai: 5
Nama Author: wulung kecubung

DESA TENGAH ALAS

Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.

Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."

Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.

Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:

Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.

Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.

Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon

Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri

Pasar Alas Jam Limo

"Ojo dibales, Nan! Ojo dibales lamben e!"

Cahyo narik sirah Danan nganti kejedot meja pawon. Tangane gemeter.

Neng njobo, Mbah Kromo isih ngadek neng pinggir alas. Tangane isih nglambai alon-alon. Senyume ora ilang.

Warga neng mburine Mbah Kromo do mandek. Gowo pacul, gowo senter. Kabeh nyawang omah gedhek ijo Danan.

"Mbah, nopo njenengan sumerep Laras?" salah siji warga, Pak RT, takon.

Mbah Kromo ora jawab Pak RT. Mripate tetep nancep neng jendela pawon, neng Danan. Terus ngomong, banter, nganti keprungu tekan njero omah.

"Danan... Wes bali to, Le? Omahmu wes tak resiki. Pawonmu wes tak murupke. Kowe kok malah ndhelik?"

Swara ne Mbah Kromo alus, koyo swarane simbah-simbah biasa. Tapi Danan merinding. Mergo swara kuwi... podo karo swara sing niru Laras wingi bengi.

Cahyo mbisik neng kuping Danan, "Kuwi dudu Mbah Kromo, Nan. Kuwi sing nunggu sing nyamar dadi Mbah Kromo. Mbah Kromo asline ora iso metu soko alas nek durung jam 7 isuk."

Danan ngintip soko sela-sela meja.

Mbah Kromo neng njobo ngeduk lemah nganggo tangane kosong. Lemah teles pinggir alas di garuk-garuk. Terus ngadek, tangane kebak lemah ireng, diulungke neng warga.

"Golek Laras to? Neng kene lo. Neng njero. Aku sing ndhelik ke."

Warga do mundur. Pak RT tiba-tiba muntah.

Mergo neng tangan Mbah Kromo dudu lemah. Neng tangane ono rambut. Rambut dawa, dikuncir dua. Rambute Laras. Isih teles, ono jepit pink e.

Danan ora kuat. Dia njumbul, arep mlayu njobo.

"LARAS!!!"

Cahyo nyekel sikile Danan. "OJO METU! Kowe metu saiki, kowe melu ilang!"

Mbah Kromo ngguyu. Guyune banter, serak, dudu guyu wong wedok tuwo. Guyu lanang, gede, koyo swara soko njero lemah.

Terus awak e Mbah Kromo kejang. Sirah e muter 180 derajat neng mburi. Mripate ireng kabeh.

Warga bubar mlayu kabeh, bengok-bengok, ninggalke pacul.

Mbah Kromo - utowo opo wae sing neng njero Mbah Kromo - mlaku mlebu alas, ngilang neng kabut. Ninggalke rambut Laras neng lemah.

Sepi maneh. Jam setengah 6 esuk.

Danan mlayu njobo, njupuk rambut kuwi. Mambu jamur. Mambu alas.

Neng bekas Mbah Kromo ngeduk lemah mau, ono barang ketinggalan.

Bakul jamu ne Mbah Kromo.

Neng njero bakul, dudu jamu. Isine kembang kantil putih seger, akeh banget. Neng ngisore kembang, ono kertas coklat, tulisane nganggo areng:

PASAR BUKA JAM 5 ESUK. GOLEK O SING ILANG NENG KONO. TAPI OJO TUKU NGANGO DUWIT.

Cahyo teko, nyawang tulisan kuwi, raine tambah pucet.

"Pasar Alas, Nan... Pasar sing tak omongke wingi bengi. Kui pasar tenanan. Neng kono kabeh barang sing ilang neng desa iki didol."

"Termasuk Laras?"

Cahyo manthuk alon. "Termasuk wong."

Jam 5 esuk. Danan kelingan swara wong akeh mlaku neng nduwur genteng omah Cahyo wingi bengi. Swara sandal jepit, geret karung. Kui pasar e.

"Pasar e neng ndi, Yo?"

Cahyo nuding neng tengah alas, neng panggon desa kembaran mau ketok.

"Neng tengah-tengah desa kembaran. Tapi pasar e mung ketok nek kowe gowo kembang kantil. Kowe mau njupuk kembang kantil mau, berarti kowe wes diundang dadi pembeli."

Danan nggenggam rambut Laras. "Aku kudu mlebu pasar kuwi, Yo."

"Kowe gila? Aturan e, nek mlebu pasar alas, kowe kudu tuku. Nek ora tuku, kowe bakal ditinggal neng kono dadi bakul."

"Lha tulisan e ojo tuku nganggo duit, terus tuku nganggo opo?"

Cahyo nyawang betis e sing luka, sing ono oyot e obah-obah.

"Nggo kenangan, Nan. Pasar kuwi ora butuh duit. Butuhe kenangan. Kowe tuku barang, kowe mbayar nganggo kenanganmu neng deso iki. Makin larang barange, makin akeh kenangan sing ilang. Aku biyen tuku banyu putih neng kono, mergo ngelak. Bayar e... aku lali jeneng ibuku."

Danan kaku.

Cahyo nyaut bakul jamu kuwi. "Aku terke. Tapi kowe kudu janji, nek kowe weruh Laras neng kono, ojo langsung nyeluk jenenge. Celuk jeneng asline. Laras asline jenenge sopo?"

"Larasati Ayu Sekar Melati," jawab Danan cepet.

"Apalke. Soale neng pasar, jeneng pasaran ora payu. Sing payu mung jeneng asli."

Loro-lorone ngadek. Srengenge wes agak duwur, tapi neng njero alas isih peteng.

Danan nggowo rambut Laras, Cahyo nggowo bakul kembang kantil.

Langkah pertama mlebu alas maneh, Danan krungu swara soko mburi.

Swara Mbah Kromo asli.

"Danan... Cahyo... Ojo mlebu pasar... Kowe bakal lali dalan bali..."

Tapi swara kuwi kalah karo swara rame soko ngarep. Swara wong nawar, swara wong ngguyu, swara kentongan.

Tok... tok... tok...

Pasar Alas Jam Lima wes buka.

Neng tengah alas, neng panggon sing mau ne desa kembaran, saiki malah ono lampu-lampu teplok warna-warni. Ono tenda-tenda kain. Ono wong akeh, tapi raine kabeh burem, ora jelas.

Neng lapak pertama, Danan weruh.

Sandal jepit. Jam tangan. Layangan pedot. Kabeh barang sing ilang neng Desa Tengah Alas 20 tahun terakhir, ono kabeh.

Neng lapak paling tengah, lapak sing paling padang, ono bocah wedok lungguh neng kursi kayu cilik. Rambut dikuncir dua. Ngarepe ono tulisan rega.

Neng tulisan rega kuwi tertulis: LARASATI - 15 TAHUN KENANGAN

Laras ngangkat kepala, nyawang Danan. Mripate kosong.

"Kang Danan... tuku aku..."

1
Stingray
lah kirain bahasa indo soalnya premisnya pake indo.
wulung kecubung: bahasanya campur jawa, karena saya terbiasa membuat cerita dengan bahasa jawa yang bercampur Indonesia 🙏
total 1 replies
Poetra Felen
waduh
Poetra Felen
wih, mantep ceritanya bro!
wulung kecubung: banyakan pake bahasa jawa , jd maaf kalo banyak pembaca yang ndak paham 🙏
total 1 replies
wulung kecubung
masih sepi belum ada yang baca
NovelToon
Novel sejumlah besar sedang menunggu Anda baca! Juga ada komik, buku audio, dan konten lain untuk dipilih~
Semua konten GRATIS! Klik di bawah untuk download!