DESA TENGAH ALAS
Desa itu tidak ada di peta. Tidak ada sinyal. Tidak ada jalan keluar setelah matahari terbenam.
Danan kembali ke Desa Tengah Alas setelah 12 tahun meninggalkannya. Bukan karena rindu, tapi karena adiknya hilang di dalam hutan yang mengelilingi desa itu. Polisi bilang tersesat. Orang desa bilang, "sudah diambil."
Satu-satunya yang berani menemani Danan masuk adalah Cahyo — sahabat kecilnya yang dijuluki Anak Alas. Cahyo bisa keluar masuk hutan terlarang tanpa tersesat, tapi dia tidak pernah mau menjelaskan kenapa.
Sebelum masuk, Cahyo memberi tiga pantangan mati:
Jangan menjawab jika namamu dipanggil dari dalam alas.
Jangan membawa cahaya merah ke dalam hutan.
Jika kamu menemukan desa yang sama persis tapi kosong, jangan masuk. Lari.
Semakin dalam mereka mencari, Danan sadar ada yang salah dengan desanya. Dan ada yang lebih salah lagi dengan Cahyo.
Karena di Tengah Alas, tidak hanya ada satu desa. Ada desa yang terlihat... dan desa yang mengintip dari balik pohon
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon wulung kecubung, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
TUMBAL TERAKHIR
Karcis kertas neng tangan Danan tulisane KARCIS MASUK PASAR ALAS - 1 JIWA - GRATIS JUMAT KLIWON.
Karcis e teles, mambu banyu sumur, tinta ne luntur sitik.
Laras cilik umur 5 tahun nyekel karcis kuwi, diwoco bolak-balik. "Kang, karcis opo iki?"
Cahyo njupuk karcis, diraba. "Karcis masuk... berarti Jumat Kliwon depan, pasar buka, sing nduwe karcis iso mlebu gratis... tapi bayare jiwa?"
Neng pawon, geni sing ora tau mati sing baru resik mau murup anteng. Kendi putih cilik DANANJAYA - JURU KUNCI BARU - 2026 neng pinggir tungku metu asap putih tipis.
Soko asap putih, metu wujud Ki Ageng asli, kakek jenggot putih, mesem.
"Danan... karcis kuwi jebakan terakhir Mbah Alas... Mbah Alas ninggal wiji terakhir neng kendi mu sing pecah mau... Wiji ne dadi karcis..."
Danan takon, "Jebakan piye, Mbah Ki?"
Ki Ageng nyawang sumur mburi omah. Lawang kayu neng dasar sumur sing nutup rapet mau, saiki ono rembesan banyu ireng soko celah lawang.
"Jumat Kliwon ngarep, pasar buka. Pasar butuh tumbal terakhir ben tutup selawase. Tumbal e... siji jiwa sing paling resik..."
Ki Ageng nyawang Laras cilik.
Laras cilik umur 5 tahun. Bocah paling resik, urung dosa.
Danan langsung nutupi Laras cilik neng mburi ne. "Ora! Ojo Laras!"
Ki Ageng geleng. "Dudu Laras... Tumbal terakhir kuwi... sing nduwe getih juru kunci..."
Ki Ageng nyawang Danan, nyawang Cahyo.
"Kowe berdua keturunan penjaga. Danan keturunan Ki Ageng. Cahyo... Cahyo keturunan Kromo Wijoyo, adikku."
Cahyo kaget. "Aku? Keturunan Mbah Kromo?"
"Iyo. Ibukmu, Sulastri, kuwi putu ne Kromo Wijoyo. Makane Cahyo iso eling jeneng ibuk e pas kendi pecah. Darah penjaga ngalir neng awakmu, Cahyo."
Cahyo ndengkul, nyekel sirahe. "Berarti... salah siji aku karo Danan kudu dadi tumbal?"
Ki Ageng manthuk pelan. "Siji jiwa penjaga, kanggo nutup pasar selawase. Nek ora, pasar bakal buka tiap Jumat Kliwon, narik warga terus, desa ora tau tentrem."
Neng njobo omah, warga sing mau kesirep pasar mau do bali neng omah e dewe-dewe. Pak RT, Joko, do bali. Sepi. Tinggal Danan, Laras cilik, Cahyo, lan wit ringin cilik Mbah Kromo.
Cahyo nyawang ibune, Sulastri, sing lagi masak neng omah e, ketok soko jendela. Ibune baru bali setelah 10 tahun ilang.
Ibu ne Cahyo sing baru ketemu.
Danan nyawang Laras cilik. Adike sing baru diselametke, umur 5 tahun, sing asli.
Loro-lorone meneng.
Laras cilik takon polos, "Kang, tumbal kuwi opo?"
Danan nangis. "Tumbal kuwi... wong sing dikorban..."
Laras cilik meluk Danan. "Kang ojo dadi tumbal..."
Neng tengah meneng, soko njero sumur, lawang kayu kebukak sitik, metu tangan.
Tangan sing ayu, putih, nganggo gelang.
Tangan Ibu Sarmi.
Ibu Sarmi metu soko lawang sumur, wujud e utuh, ora asap, ora wit. Ibu asli, daster batik coklat, mesem.
Ibu Sarmi teko neng pawon, ngelus sirahe Danan lan Cahyo.
"Ora usah tukaran, Le... Ibu sing dadi tumbal terakhir..."
Danan kaget. "Bu? Ibu kan wes dadi wit?"
Ibu Sarmi mesem. "Ibu dadi wit 12 tahun, Le. Ibu wes kesel dadi wit. Ben Ibu wae sing nutup pasar. Ibu sing paling resik, mergo Ibu ibu. Ibu sing ngelahirke kowe, Danan. Darah juru kunci ono neng Ibu juga."
Cahyo nangis, "Tante Sarmi... ojo..."
Ibu Sarmi njupuk karcis soko tangan Danan. Karcis 1 JIWA - GRATIS.
Ibu Sarmi nyuwek karcis e dadi loro.
Begitu karcis disuwek, sumur mburi omah geter banter. Lawang kayu neng dasar sumur mbukak ombo.
Pasar neng njero sumur buka, padang, rame, tapi sepi bakul. Pasar nunggu tumbal.
Ibu Sarmi mlaku nuju sumur.
Danan narik tangan Ibu. "Bu, ojo!"
Ibu Sarmi nyawang Danan, Laras cilik, Cahyo, mesem terakhir.
"Jogo pawon, Le... Jogo Laras... Jogo desa... Ibu sayang kowe kabeh..."
Ibu Sarmi nyemplung neng sumur.
Byur!
Begitu Ibu nyemplung, lawang kayu neng dasar sumur nutup, banter. Brak! Dikunci.
Geni pawon neng omah murup gede banget, padang, putih, koyo lampu sorot.
Neng geni putih, ketok Ibu Sarmi lungguh neng tengah pasar alas, neng kursi singgasana sing mau ne diduduki Mbah Alas. Ibu mesem, ngangguk, terus pasar e tutup, peteng.
Sumur mburi omah banyune balik bening. Tenang.
Neng pinggir sumur, wit kantil cilik sing jantung e Ibu mau, saiki kembang e rontok kabeh. Wit e garing, mati.
Tapi neng nduwur wit garing kuwi, tuwuh wit anyar, wit kantil putih gede, kembang e akeh banget, mambu wangi sak desa.
Neng pawon, kendi putih DANANJAYA - JURU KUNCI BARU pecah.
Neng njero kendi pecah, ono kendi anyar, loro.
SARMI - TUMBAL TERAKHIR - PENJAGA PASAR SELAWASE
DANAN & CAHYO - JURU KUNCI BERSAMA - 2026
Mbah Kromo wit ringin ngomong soko angin, "Tumbal terakhir wes dibayar... Ibu mu saiki dadi Mbah Alas sing anyar... Tapi Mbah Alas sing apik... sing jogo pasar ben ora buka neng njobo..."
Laras cilik nangis, "Ibu..."
Danan ngrangkul Laras cilik, nangis juga. Cahyo nangis neng pojok pawon.
Neng langit, rembulan ilang, ganti matahari metu. Esuk.
Jumat Kliwon lewat. Pasar tutup selawase.
Tapi neng njero sumur, nek dirungokke pelan, isih keprungu swara Ibu Sarmi nembang, nembangke Laras cilik turu.