Bocahe pancen ora mbejaji. Pakulitane ireng mangkak. Rambute arang-arang, kaku
tur njeprak kaya landhak. Luwih-luwih yen diwenehi hair gel. Bocah-bocah yen
ngarani Jell, salah sijne minyak rambut sing bisa ndadekake rambut kaku. Yen
disawang pancen klimis lan kinclong, nanging njeprake kuwi sing ora nguwati.
Upama yen ora diwenehi jell, mbok menawa ora ngono iku.ora pati njeprak. Mbuh
saka krenahe sapa Baskoro kok duwe idhe nganggo Jell barang, kamangka jell
rambut iku wis ora njamani Wis ora usum kaya taun-taun kepungkur.
Yen diarani kampungan utawa kurang gaul ketoke kok ora. Tumpakane wae
Kawasaki Ninja 250. Ketoke dheweke kuwi anake wong sugih. Ketambahan pinter
basket lan ngedram. Kegiyatan loro iku ing sekolahku kagolong mewah. Dadi ora
bener yen Baskoro diarani kampungan utawa ora gaul.
Merga dheweke pinter basket, sekolahku kasil ngumpulake sewelas piala.
Kawasisane basket lan ngedram, ndadekake Baskoro bisa ndhongkrak jenenge
sekolah. Saben ana lomba kang mbutuhake karosane awak utawa yen ana pentas
seni, dheweke sing makili.
Upama ora, dhuwite utawa mobile sing maju. Sekolah kari nilpun wong tuwane,
kabeh ruwet rentenge sekolah bakal diberesi. Cara ngene iki sing aku ora sarujuk,
merga kakehan kapotangan budi marang wang tuwane, nganti arep ngetokake
Baskoro wae kangelan.
Saben rapat yayasan, aku sering usul supaya Baskoro ditokake wae, merga bisa nulari
kancane. Bisa-bisa kanca sak yayasan padha dadi preman mung gara-gara
mempertahankan bocah siji iki. Baskoro jelas wis ora bisa didhidhik. Wis bola—bali
nerak aturan, nanging sekolah sajake ara bisa golek alasan kang pas kanggo ngetokkake baskoro
Aku yen ngomong perkara Baskoro sering dikomplain Bu Anggit. Aku iki omong apa
anane, ora tak gawe-gawe. Bu Anggit ketoke ora terima yen aku ngelek-elek Baskoro.
“Aja ndeleng njabane thok ta, Bu” celathune Bu Anggit. “Ben wae kumpulane karo
bocah-bocah ora nggenah, pergaulane karo bocah sing ugal-ugalan, saben dina trektrekan. Nanging sapa ngerti dheweke sejatine duwe karep gawe sadhare kancakancane sing ugal-ugalan kuwi.”
Ah, mbelgedhes! Aku ora percaya.
Bisa-bisa malah Baskoro sing dadi bocah ora nggenah merga kena pangaruhe
pergaulan bebas. Tumrapku bocah kaya ngono kuwi ora perlu dieman.
“Ya aja mengkono ta, Bu” ujare Pak Dewa mbelani Bu Anggit “Eling lho Bu marang
tugas lan kuwajibane guru. Guru iku tugase ora mulang thok, ora mung menehi
materi, pelajaran thok. Nanging uga mulang budi pekerti uga tata krama. Yen aku
kok sarujuk Baskoro dipertahankan wae. Ora usah, muluk-muluk njejeli materi
pelajaran marang dheweke supaya lulus ujiane, nanging jejelana babagan tata krama
lan unggah-ungguh.”
Huh, kana belanana terus, dimen Bu Anggit sangsaya gedhe ndhase. Sangsaya ngengrak-engrak kaya-kaya Bu Anggit iku anake ketua yayasane sing bisa gawe
abang birune sekolahan iki.
“Piye Bu? Kok malah termenung Njenengan setuju , yen Baskoro dipertahankan?”
Setuju kepiye ta? Wis bola-bali ngomong, kok ora ana sing nggatekake. Ya wis ora
urusan! Mengko yen ta Baskoro gawe gegere bocah sak yayasan lan nganti
perkarane tekan kepulisian ora bakalan aku bertahan ing sekolah kene. Metu tak
tekadi.
Sing paling njengkeleake, Pak Dewa melu-melu mbelani. Biyasane iki Pak Dewa
priyayine manutan. Apa maneh yen aku sing ngomong. Iki mau kok kadingaren
banget Pak Dewa beda panemu karo aku. Apa aku sing kebablasen utawa arogan
merga bisa gawe abang birune sekolahan?
Kanthi cedhak Pak Dewa suwaraku asring dirungokake. Nanging pisan iki Jebul ora,
aku bener-bener jengkel merga ora bisa mempengaruhi Pak Dewa.
Pak Dewa marani aku, njur lenggah njejeri.
“Bu, kawit mau kok meneng wae. Ana apa ta ?” celathune.
Pak Dewa pancen njelehi. Wani-wanine nyedhaki aku. Kok ora kersa njaga perasaane
Bu Anggit. rak ya malah sangsaya cemburu ta panjenengane? Luwih-luwih Bu Anggit
ora percaya, yen cedhakku karo Pak Dewa mung merga pengin omonganku ana sing
ngrungokake. Cethane, aku mbudidaya supaya bisa nduweni pengaruh ing sekolah
iki.
Nanging aku ora pengin,cedhakku karo Pak Dewa dikira aku duwe sesambungan karo
panjenenqane. Ora! Babar pisan ora. dikirane aku pengin nduweni Pak Dewa, pengin
dadi penggantine Bu Sinta almarhum. Crita iki kasebar ing sekolahan, Jare aku
terlibat cinta segitiga karo Bu Anggit. Sak karepmu, ora urusan. Sing penting rak ora.
Ora ana gunane aku ngomong nganti lambe muruh karo wong sak yayasan yen
padha ora percaya. Nanging saumpama, iki mung sak umpama lho ya, yen Pak Dewa
nglamar aku lan pengin ndadekake aku minangka gantine Bu Sinta, aku ora bakalan
nulak. Aku ora munafik, aku uga mbutuhake tresnane kakung. Sanajan panjenengane
dhudha.
“Bu Reni, dipadosi Pak Wanto” Cluluke Bu Anggit nalika jam ngaso sepisanan.
“Dipadosi Pak Wanto apa Pak Dewa” clemonge Pak Han nggodha.
“Pak Dewa ya ra pa-pa. Dimen Bu Aggit sangsaya cemburu,” ngomongku canthas.
Tak cethakke sisan, merga bola-bali dheweke cemburu karo aku.
“Jan-jane temane ku apa ta, kok cemburu di gawa-gawa,” ujare Bu Anggit karo
menjep. Ngomonge pancen kaya mengkono, nanging menjebe ku ora bisa ngapusi
yen dheweke bener-bener cemburu.
“Saiki temane Baskoro. Tema cemburu buwang wae sing adoh,” celathune Bu Anggit
maneh.
“Iya kudu mengkono, Bu. Bener iku, ya wis taktemoni Pak Wanto dhisik,” ucapiku
atos.
Metu saka ruwang guru aku nuju ruwangane Pak Wanto. Aku wis siyap ngadhepi
kedadeyan kaya wingi. Kedadeyan sing ndadekake geger sak yayasan. Durung wae
aku mlebu ruwangane Pak Wanto, aku krungu suwarane priyayi kakung Lagi ngrasani
aku. Sajake tamu iku nggawa kabar kang wigati. Aku lungguhan ing teras, melu
nguping. Ora apa-apa. Yen aku kudu metu saka sekolahan iki wis tak tekadi, sak
liyane beda panemu masalah Baskoro, aku wingi bubar nempiling Baskoro nganti
irung lan kupinge gudras getih.
Wingi pas jam pelajaranku, dheeweke ijin arep nyang mburi. Tak ijini, awit kaya adat
sabene, yen tak penggak, dheweke mesthu bakal gawe ribut. Ngganggu kancane,
nganti kudu bengak-bengok supaya bisa menguasai kelas. Pancen njengkelake,
sepuluh menit sakwise istirahat. kok malah njaluk ijin menyang WC. Lha mau pas istirahat ngapa? Istirahat 30 menit takkira luwih saka cukup. Cukup kanggo njajan lan
menehi kesempatan sing padha arep sholat dhuha. Yen baskoro ora nate dhuhanan,
mecthine istirahate ana yen Setengah jam. Ora kaya kanca-kanca liyane sing sholat
dhuha. wis lah ra pa-pa. Sholat dhuha iku mung sunah, nanging yen sholat dhuhur
kudu. Sajake Baskoro ngerti iki.
mumet leren dhisik 👻